Manunggaling Kawulo Gusti

Kami Satu
bantu share
Konten dari Pengguna
7 November 2017 21:01 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Tulisan dari Kami Satu tidak mewakili pandangan dari redaksi kumparan
ADVERTISEMENT
Yo bener yen diarani kawulo nyawiji marang gusti.
ADVERTISEMENT
Yo bener yen diarani kawulo nyawiji marang gusti.Yo bener yen diarani kawulo nyawiji marang gusti.
gusti tegese ingkang moho suci
dene kawulo tegese ingkang ora suci..
Kasucian kui ateges Kamurnian
wiwit tanpo kacampuran yoiku wahonoing kaweningan.
Karepe suci lan ora iku yo uripe yo jiwoe ateges rosoe..
Kabeh bongso dumadi, jiwoe kui wus ora suci maneh, mung yen wiwit asale yo suci, amargo onoe soko ingkang moho suci, amargo temurune jiwo soko pulung lan wahyu iku mesti kawuwulan, njur urip kaaran tumitah, hiyo bongsoe titah, temurune titah nganti dumadi hiyo kawuwulan maneh, mulo bongso mau kasebut 'kawulo' yoiku ingkang kawuwulan (wuwulan2 doyo urip soko jagad pangrantunan/jagading tumitah)..
nalikane kawulo biso nguwalake wuwulan2 ing jiwoe, nganti bali murni koyo mbiyene, yoiku kang diarani wus gathuk marang gusti, hiyo wus sambung klawan ingkang moho suci,.
ADVERTISEMENT
Yen wus sambung kui tegese budhine wus alus
rahsane wus alus
rosojatine ugo wus alus
dene angen angene wus gathuk marang budhine..
yoiku arane kawulo lg ngungak kajaten.
ategese bongkote angen angen gathuk klawan pucuke budhi lan bongkote rahsa wus gathuk ing rosojati.. dene kabeh gegathukan mau arep nunggal dadi siji..
njur saya lawas yen sangsaya alus, kabeh mau mahanani kawulo nunggal marang gusti.
ateges sing suci nyawiji marang ingkang moho suci.
Ateges diri kalingkep dening pribadi
roso pangroso wus alus, kalingkep dening rosojati.
uripe wus kalingkep urip kang sajati.
jiwoe wus salin rupo kahanane
dadi jiwo suci.
yoiku jumenenge manungso kang sajati.
Katentremane wus anggulung kahanan panas lan petheng, ugo adem lan padhang.
ADVERTISEMENT
Kaweningane kaaran kosong nanging isi. isi nanging kosong..
samongso kawulo durung nunggal, kawulo anyembah gusti, panyembahane klawan pirang pirang rupo kabecikan..
samongso isih kawulo diri jumenengi pribadi..
mung nalikane wus manunggal marang gusti. ning kunu wus ora ono sembah sinembah.
wus ora nyembah lan ora disembah..
pengetan ;
kabeh doyo iku biso nunggal yen doyo mau podo utowo selaras.. biso sambung tanpo wates papan lan mongso..
samono ugo roso biso sambung ing triloka.
biso nunggal klawan trimurti.