140 Santri nang Kota Tegal pada Dités Antigen Sadurungé Mangkat Maring Pondok

Konten Media Partner
23 Mei 2021 19:52 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Santri sing wis dites antigen nunjukna bukti hasil tes.
zoom-in-whitePerbesar
Santri sing wis dites antigen nunjukna bukti hasil tes.
ADVERTISEMENT
TEGAL — Sacuilé ana sekitar 140 santri nang Kota Tegal, nglakoni tés cepet antigen sadurungé mangkat maning maring pondok pesantrén nang luar kota.
ADVERTISEMENT
Pemeriksaan gratis kiwé difasilitasi daning Pengurus Cabang Nahdlatul Ulama (PCNU) Kota Tegal lan Dinas Keséhatan dilksanakan nang Puskesmas Bandung, Tegal Selatan, dina Saptu (22/5/2021).
Ketua PCNU Kota Tegal Abdal Hakim ngomong, padha halé wayah ketekanan seka luar kota, wayah pan dimangkatna uga wajib nglakoni tés cepet antigen.
"Dhéwéké dina Senén wis manjing maring pesantrén nang Lirboyo. Wayah balik seka Lirboyo dhéwék lakoni swab. Saiki pan mangkat mugané dhéwék tanggungjawab njaga prokes termasuk swab nggo mastikna bebas Corona," jaré Hakim nang Puskesmas Bandung.
Hakim ngomong, tés cepet antigen dadi syarat wajib sadurungé balik maring pesantrén. Tujuané nggo nyegah nyebaré Corona. "Insya Allah kabéh bébas Corona," jaré Hakim.
Kepala Puskesmas Bandung, Tegal Selatan, dr. Susan Rizal ngungkapna, hasil pemeriksaan 140 santri, kabéhané dinyatakna négatif.
ADVERTISEMENT
Senajan kaya kuwé, dhéwéké tetep diwajibna njaga protokol keséhatan 5M sadurungé dimangkatna maring luar kota nang dina Minggu bengi lan Senén ésuk.
"Dadi nggo warga Kota Tegal sing pan mangkat maring pondok nang luar kota. Sadawané kiyé hasil tés kabéhané négatif," omongé Susan.
Susan nambahi, wayah hasilé ana sing positif mengko kudu nglakoni isolasi nang Rusunawa Tegalsari.
"Angger hasilé positif langsung isolasi mandiri nang rusunawa nggo swab PCR nganti hasilé metu," pungkasé. (*)