15 Camat nang Tegal sing Kumpul-kumpul lan Karokénan Pan Didenda Mung Satus Éwu

Konten Media Partner
14 Agustus 2021 21:35 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Satréskrim Polres Tegal nglakoni gelar perkara, dina Jemuah (13/8/2021).
zoom-in-whitePerbesar
Satréskrim Polres Tegal nglakoni gelar perkara, dina Jemuah (13/8/2021).
ADVERTISEMENT
TEGAL— Anceman denda satus éwu wis ngenténi 15 camat nang Kabupatén Tegal sing mélu neng kasus pelanggaran protokol keséhatan. Camat-camat kuwé dinyana nglanggar Perbup Nomer 42 Taun 2021 soalé wis nggrombol lan karokénan ora nganggo masker nang Kantor Kecamatan Slawi, Kabupatén Tegal pas dina Saptu, 24 Juli 2021.
ADVERTISEMENT
Sadurungé, polisi wis nglimpahna kasus 15 camat kuwé maring Satpol PP. Kuwé sawisé Satréskrim Polres Tegal nglakoni gelar perkara, dina Jemuah (13/8/2021).
Seka gelar kasus kuwé, Satréskrim Polrés Tegal nyimpulna, 15 wong Camat wis nglanggar pasal 5 Perbup Nomer 42 Taun 2021. Perbup kuwé ngatur penerapan disiplin dan penegakan hukum protokol keséhatan Dalam pencegahan dan pengendalian penularan COVID-19 nang Kabupatén Tegal.
"Selanjuté dhéwék wékena penanganan perkara kiyé maring Satpol PP Kabupatén Tegal selaku pihak sing nduwéni wewenang kaya sing diatur neng Perbub nglakoni penindakan utawa wéinan sanksi maring pelanggar prokes kuwé," omongé Kasat Réskrim Polrés Tegal, AKP I Déwa Gedé Ditya.
Jaréné, Satréskrim Polrés Tegal wis mriksa 19 wong saksi. Saksi kuwé ngliputi 15 Camat sing nglakoni kegiatan wektu kuwé karo tukang foto.
ADVERTISEMENT
Saliyané kuwé, pihake uga wis koordinasi karo Satgas Penanganan COVID-19 Kabupatén Tegal, Dinas Keséhatan Kabupatén Tegal, lan Satpol PP Kabupatén Tegal.
"Seka gelar perkara lan penyelidikan, dingerténi 15 Camat kiyé nekani kegiatan nang Kantor Kecamatan Slawi lan wis nglanggar protokol keséhatan karo ora nggunakna masker lan ora njaga jarak," ungkapé.
Ditakoni keningapa ora nggunakna Undang-undang Kekarantinaan Keséhatan, Déwa njelasna nang pasal 3 UU kuwé disebutna perbuatan sing nimbulna kedaruratan keséhatan. Salah sijiné yakuwé penularan penyakit menular.
Déwa ngungkapna pihaké wis koordinasi lan njaluk data nang kabupatén Tegal, nggo ngarténi nyembul klaster Corona apa ora gara-gara seka kegiatan 15 Camat kuwé.
"Sejauh kiyé, keétung sajegé tanggal 24 Juli 2021, hasil pendataan klaster durung ditemukna anané klaster anyar sing nyembul seka kegiatan sing kedadén nang Kantor Kecamatan Slawi nang 24 Juli 2021 kuwé," tambahé.
ADVERTISEMENT
Asistén Daérah I Kabupatén Tegal, Dadang Darusman, sing mélu teka neng pérs rilis ngomong, mbéké pan nentukna sanksi sawisé pihaké nampa berkas pelimpahan kasus 15 Camat seka penyidik Polrés Tegal.
"Angger pancén perkara kiyé diwékena maring dhéwék, dhéwék pan njukut sanksi sesuai Perbup 42, disebut nggo perorangan utawa pelaku usaha sing nglanggar dikenakna denda sadhuwur-dhuwuré satus éwu," omongé.
Dadang nyebut, sesuai karo fungsiné mengkoné Satpol PP sing pan nglakoni pemeriksaan lan penindakkan maring perkara kiyé.
"Begitu mengko nampa penyerahan kasus seka Polrés, dadiné mengko pan dilakoni pemeriksaan, sesuai karo fungsi seka Satgas Covid, Satpol PP selaku bidang penegakkan hukum lan disiplin," pungkasé. (*)