3 Maling Motor Dicekel Polisi nang Brebes, Salah Siji Pelaku Dibedhil Kémpolé

Konten Media Partner
23 April 2022 21:14 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
3 orang kawanan pencurian sepeda motor antar lintas Propinsi Jateng-Jabar ditangkap polisi, Jumat (22/4/2022). Foto: Fajar Eko
zoom-in-whitePerbesar
3 orang kawanan pencurian sepeda motor antar lintas Propinsi Jateng-Jabar ditangkap polisi, Jumat (22/4/2022). Foto: Fajar Eko
ADVERTISEMENT
BREBES — Polisi nang Brebes bar nyekel komplotan maling motor antar lintas Propinsi Jateng-Jabar, dina Jemuah (22/4/2022). Salah siji pelaku dibedhil kémpolé daning petugas gara-gara nglawan pas pan dicekel.
ADVERTISEMENT
Penangkepan komplotan spésialis nyolong motor kuwé, dipimpin daning Kanit I Satreskrim Polres Brebes Aiptu Titok Ambar Pramono. Komplotan kiyé dipimpin daning wong wadon.
Keteluné dicekel nang umahé dhéwék-dhéwék nang Kuningan lan Indramayu Jawa Barat. Dhéwéké yakuwé Khayatul Makin (24) lan Muksin alias Kucing (30) warga Indramayu lan siji liyané yakuwé Lala Nur Latifah (22) sing duwé peran dadi otak pencurian.
Kasat Reskrim Polres Brebes AKP Syuaib Abdullah ngomong, para pelaku yakuwé résidivis neng kasus sing padha. Termasuk ana pelaku wadoné.
"Perané Lala dadi otak lokasi pencurian, neng endi sing bersangkutan nudukna lokasi motor sing pan diinceré. Latané pas ngaksi wong wadon kuwé sing nyetir motoré, latané batiré dadi pemetik utawa éksekutor," omongé Syuaib, dina Jemuah (22/4) awan.
ADVERTISEMENT
Nggo modus operandiné, jaréné, pelaku nyolong motor sing diinceré karo cara mbodhol kunci kontak karo léter T.
"Keteluné ora mung nyolong motor nang Kecamatan Banjarharjo, Brebes. Hasil pemeriksaan sementara wis ana rong kasus, yakuwé nang Kecamatan Cibingbin Kabupatén Kuningan (Jawa Barat)," ungkapé.
Seka tangan para pelaku, polisi ngamana sa unit motor Honda Beat warna putih karo nomer polisi G 4190 BJG sing yakuwé ndéké korbané. latané 4 kunci T lan magnétik pembuka.
"Gara-gara kelakuané, para pelaku dijerat pasal 363 KUHP yakuwé pencurian karo pemberatan. Ancemané kurungan pitung taun," pungkasé. (*)