58.054 Keluarga nang Brebes Wis Pada Nampa Duit Bantuan 600 Ewunan

Konten Media Partner
11 Mei 2020 21:54 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Bupati Brebes Idza Priyanti memonitoring penyerahan BST. (Dokumen Humas Pemkab Brebes)
zoom-in-whitePerbesar
Bupati Brebes Idza Priyanti memonitoring penyerahan BST. (Dokumen Humas Pemkab Brebes)
ADVERTISEMENT
BREBES – 58.054 Kepala Keluarga (KK) sing keimbas pandemi virus Corona (COVID-19) nang Kabupaten Brebes wis olih bantuan sosial tunai (BST) sing gedhene 600 ewu. Bantuan kuwe pan diuduna sewulan sepisan nganti telung wulan mengarep.
ADVERTISEMENT
Sekretaris Gugus Tugas Penanganan COVID-19 Brebes, Djoko Gunawan ngomong, wong-wong sing pada nampa bantuan kuwe warga sing keimbas COVID-19. Bantuan kuwe pan diwekena pas wulan April, Mei, lan Juni.
"Bantuan sing dicairna dina kiye yakuwe nggo wulan April wingi. Lan bantuan wulan Mei diwekena mengko nang akhir Mei lan nggo Juni diwekena wulan Juni," jare Djoko Gunawan sing uga dadi Sekda Brebes kuwe, dina Minggu (10/5/2020) .
Deweke njelasna, wong sing nampa bantuan kiye yakuwe keluarga sing manjing data terpadu kesejahteraan sosial. Lan bantuan sosial kiye uga bisa dicairna nang kantor-kantor Pos lan Bank sing dituding.
Saliyane seka Kemensos RI, warga sing keimbas pandemi COVID-19 uga pan olih bantuan seka desane dhewek-dhewek. "Wong sing nampa bantuan seka desa kiye khusus nggo warga sing ora olih bantuan seka Kemensos RI," jelase.
ADVERTISEMENT
Kaya apa mekanismene? Deweke nglanjutna, wong sing pan nampa mengko njukut surat pemberitahuane metung desa utawa kelurahan. Latane teka maring kantor pos mbari nggawa KTP lan Kartu Kluwarga.
"Dadi njukute kuwe olih diwakilna daning wong sing arane kedaptar nang njero KK kuwe," pungkase. (Panji)
***
*kumparanDerma membuka campaign crowdfunding untuk bantu pencegahan penyebaran corona virus. Yuk, bantu donasi sekarang!