Ana Mushola Dibangun nang Jalur Pendakian Gunung Slamet

Konten Media Partner
23 Agustus 2021 14:21 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Relawan membawa kubah menuju pos 4 Jalur Pandakian Gunung Slamet Via Basecamp Permadi Guci Tegal.
zoom-in-whitePerbesar
Relawan membawa kubah menuju pos 4 Jalur Pandakian Gunung Slamet Via Basecamp Permadi Guci Tegal.
ADVERTISEMENT
TEGAL — Nang jalur pendakian Gunung Slamet, Kabupaten Tegal lagi digawé langgar utawa mushola nggo pendaki sing pan sholat. Lokasi pembangunan tepate nang pos 4 jalur Permadi Guci.
ADVERTISEMENT
Koordinator Basecamp Permadi Guci Ali Burhan ngomong, langgar kuwé saiki ésih lagi prosés dibangun. "Saiki ana tim pendaki sing nggawa kubah mendhuwur. Tepaté nang pos papat," tuturé maring PanturaPost, dina Saptu (21/8/2021).
Ali Burhan njelasna, umah ibadah kiyé di bagun nang ndhuwur kedhuwuran 2.500 MDPL. Mbéké kubah langgar sing di gawa maring ndhuwur.
Langgar kiyé mengkoné pan nawani pandangan indah karo pemandangan sing ngatokna jelas pucuké gunung slamet.
"Langgar neng ndhuwur kedhuwuran 2.500 MDPL kiyé ndéan bisa dadi sing paling dhuwur nang Kabupatén Tegal. Prosés gawéné uga mipil, soalé material lan liyané kudu digawa seka ngingsor anjog maring pos papat," jelasé.
Burhan ngomong, tujuan gawé langgar kiyé nggo nambah fasilitas nggo ibadah pendaki sing metung Jalur Permadi Guci. Anané langgar kuwé uga nudukna ari saliyané nresnani alam, para pendaki gunung uga nresnani Pencipta.
ADVERTISEMENT
Diperkirakna ana pirang dina mengarep langgar wis dadi lan bisa dienggo nggo ibadah daning wong sing pada manjat gunung. Langgar kuwé kelakon digawé berkat donatur-donatur sing wis pada ngréwangi.
"Dibanguné langgar nang pos 4 kiyé soalé nang kana kondisi banyu resik nggo nginung lan banyu-wudu ngadug-ngadug," pungkasé. (*)