Ana Oli Tumplek nang Gili Brebes, Montor karo Mobil Pada Keplarak

Konten Media Partner
2 Juni 2020 22:02 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Evakuasi mobil pajero yang tergelincir dan masuk ke selokan. (Foto: Igong)
zoom-in-whitePerbesar
Evakuasi mobil pajero yang tergelincir dan masuk ke selokan. (Foto: Igong)
ADVERTISEMENT
BREBES – Gara-gara ana gemuk alias oli tumplek lan pating kecret nang gili Paguyangan, Brebes welasan kendaraan pada keplarak, Slasa (2/6/2020). Oli sing pada kecret kuwe gawe jalur Tegal-Purwokerto kuwe dadi lunyu.
ADVERTISEMENT
Malah ana mobil siji sing mereke Pajero plat nomere E 1674 CP tiba terus mlebu maring wangan. Pajero kuwe, saiki wis dievakuasi karo nggunakna mobil derek. Proses evakuasine kuee mbutuhna waktu sekitar sa jam merga ukuran kalene sing sempit.
Pantauan nang lokasi kedadenan, saliyane mobil pribadi ana elep siji sing nabrak adang-adang dalan. Malah ana tiang siji sekitar lokasi bodhol gara-gara melu kesruduk.
Ana pirang motor sing sempet tiba. Jare saksi mata, jumlahe tekan sepuluh motor. Untung wong-wong kuwe mung pada ledes utawa ora ngalami luka sing parah sing nganti tiba ngambung aspal.
Tumplekan gemuk kiye kedaden nang lajur sing nuju maring arah Banyumas, dawane sekitar satus (100) meteran. Saiki tumplekan gemuk kuwe wis ditutupi karo grajian kayu eben ora nrawasna wong sing pada nglinter nganggo motor utawane mobil.
ADVERTISEMENT
"Kuwe tumplekan gemuk dudu bensin. Soale mambune ora ngok utawa nyengat. Tapi wis dhewek tutupi bubuk," jare Kaposlantas Bumiayu Aipda Andi Prasetya wayah ditemoni nang lokasi.
Deweke ngira-ngira, tumplekan gemuk kedaden wayah subuh. Pasale mbene nyebabna kecelakaan wayah esuk-esuk pas warga nembe pada nglakokna kegiatan.
"Ndeyan wayah subuh, oline nembe kebuka soale udan. Mugane warga mbene pada eling dalan dadi lunyu," jarene. (Panji)
***
*kumparanDerma membuka campaign crowdfunding untuk bantu pencegahan penyebaran corona virus. Yuk, bantu donasi sekarang!