Ana Trek Nyruduk Umah Loro Nang Jalur Pantura Tegal

Konten Media Partner
12 Mei 2022 19:47 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Trek kontainer nyruduk umah loro nang Désa Sidaharja, Kecamatan Kramat, Kabupatén Tegal.
zoom-in-whitePerbesar
Trek kontainer nyruduk umah loro nang Désa Sidaharja, Kecamatan Kramat, Kabupatén Tegal.
ADVERTISEMENT
TEGAL - Nang jalur Pantura, tepaté nang Désa Sidaharja, Kecamatan Kramat, Kabupatén Tegal, ana trek kontainer nyruduk umah loro, dina Rebo (11/5/2022) ésuk. Senajan laka korban jiwa, tapi kecelakaan kuwé ngakibatna rong umah bodhol lan dalan dadi macét.
ADVERTISEMENT
Nganggo dasar data nang lapangan, kedadénan kuwé kedadén sekitar jam setengah lima ésuk. Trek kontainer sing plat nomeré B 998 UEL kuwé dijalakna daning Sutri (46) warga Purbalingga. Trek kuwé mlayu sedeng seka arah wétan nuju mengulon.
Pas nglinter nang lokasi kedadénan, yakuwé mbang wétan SPBU Suradadi, ujug-ujug trek nggléyang ngiwa ngantikan akhiré nyruduk rong umah. Akibaté, jalur Pantura arah Jakarta macét, soalé awak trek malang lan nutup separo dalan. Jalur sing maring arah kulon uga diandegna sementara pas dilakoni évakuasi. Lan saiki, jalur pantura normal maning.
"Nyong ora kémutan apa-apa. Nyong éling pas nyong ditarik batiré nyong. Mungkin soalé nyong ngantuk," jaré Sutri, supir trek, pas ditemoni nang lokasi kedadénan.
ADVERTISEMENT
Merga kedadénan kuwé, Sutri ngrasakna kelaranen neng bagian sikilé soale kejepit kemudi. Dhéwéké ngaku ora kémutan apa-apa, ngantikan dhéwéké sadar, posisi trek sing dhéwéké jalakna wis nabrak umah.
"Sadurungé kedadénan sabeneré wis sempet ngasoh nang salah siki ruko, sekitar sa kilométer seka kéné. Kiyé pan balik maring garasi kas ngirimna barang impor maring Wonogiri. Alhamdulillah ora luka parah. Kenét uga luka ringan," omongé.
Sementara kuwé, salah siji sing duwé umah, Mashadi Zaeni, ngomong umah sing disruduk trek laka sing manggoni. Umah kuwé biasa dienggo pas ana kegiatan Banser. tapi, saiki ora ditempati soalé répot sawisé pengamanan arus mudik lan arus balik Badanan.
"Angger umah bodholé mukur nang bagian ngarep. Angger barang-barang laka sing bodhol," jaréné. (*)
ADVERTISEMENT