Aran Kapolsek Dicatut Wong Nggo Njaluki Duwit Maring Lurah-lurah nang Brebes

Konten Media Partner
11 November 2021 20:22 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Nomor rekening dan nama pemilik rekening sing njaluk dikirimi duit karo nyatut aran Kapolsek. (dok panturapost.com)
zoom-in-whitePerbesar
Nomor rekening dan nama pemilik rekening sing njaluk dikirimi duit karo nyatut aran Kapolsek. (dok panturapost.com)
ADVERTISEMENT
BREBES — Ana pirang lurah utawa kepala désa nang Kecamatan Tanjung, Kabupatén Brebes was-was karo aksiné tukang tipu sing nyatut utawa manfaatna arané Kapolsek. Metung WA, pelaku nacak nggo mbodoni lurah-lurah nggo ngirimna duwit.
ADVERTISEMENT
Wayah mlakokna aksiné, penipu sing durung keidéntifikasi idéntitasé kuwé ngaku dadi Kapolsek Tanjung AKP Widiarto. Sedengé Kapolsek Tanjung dhéwék mbéné njabat anyar saminggu.
Kedadénan kuwé nggawé lurah was-was sawisé nampa SMS lan télpon sing njaluk duwit ngantikan Rp 25 juta. Lurah Kubangputat, Suharjo ngomong, wong belih dikenal kuwé ngirimna SMS metung nomer 081297407541, latané ngenalna diri.
"Pancén Kapolsek Tanjung mbéné diganti saminggu wingi, awalé nyong sempet ngandel. Metung télpon, wong sing ngaku Kapolsek Tanjung ngomong angger dhéwéké lagi ana nang Désa Luwunggede lagi ngantri BRI Link. Tapi jaréné pihak BRI Link kentékan saldo," jaré Suharjo, dina Rebo (10/11/2021).
Pelaku pas kuwé njaluk, nggo di arahna maring wong sing nduwé BRI Link séjén nang désané atas persetujuané kepala désa. "Pelaku mékena nomer rekening atas nama Putriansyah sing jaréné yakuwé anggota seka Polda Jateng, karo njaluk ditransfer duwit sajumlah Rp 25 juta," jelasé.
ADVERTISEMENT
Lurah molai pada curiga pas pelaku ora kanteben wayah ditawani transfer mung Rp 10 juta. "Pelaku gelem nampa duwit kuwé. Padahal dhéwéké njaluk Rp 25 juta. Neng kono nyong molai curiga lan ora nanggepi maning," jelasé.
Hal sing padha uga dialami daning Kepala Désa Mundu, Wukirno. Dhéwéké ya ngaku dibéll wong belih dikenal karo modusé njaluk duwit segedhé Rp 25 juta atas nama Kapolsek Tanjung.
"Modusé padha, ngaku dadi Kapolsek Tanjung sing anyar lan njaluk bantuan nggo ditransfer duwit Rp 25 juta," omongé Wukirno.
Nanggepi hal kuwé, Kapolsek Tanjung AKP Widiarto ngomong, angger laporan resmi seka lurah kekait hal kuwé pancén durung ana. Sajegé kiyé, jaréné ésih sewates informasi tok.
ADVERTISEMENT
"Nganti saiki nyong uga durung ketemu blas karo lurah utawané Camat Tanjung. Dadi ora mungkin nyong ngarti aran lurah-lurah nang Kecamatan Tanjung soalé nyong uga njabat sa minggu," omongé Widiarto.
Senajan durung ana laporan resmi maring Mapolsek Tanjung seka lurah kekait hal kuwé, Kapolsek mastikna hal kuwé ora bener lan murni penipuan. "Kedadénan kiyé tetep dhéwék slidiki lan muga-muga durung ana korban. Langkah awal, nyong wis share maring grup Lurah ari kuwé dudu nyong," pungkasé. (*)