Atusan Umah nang Kabupaten Tegal Kebanjiran Sawise Udan Barat

Konten Media Partner
2 Januari 2021 21:16 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Atusan umah nang patang désa sing ana nang rong kecamatan wilayah Kabupatén Tegal dihampad banjir lubar udan barat sajegé dina Jemuah (1/1/2021). ( Foto: Istimewa)
zoom-in-whitePerbesar
Atusan umah nang patang désa sing ana nang rong kecamatan wilayah Kabupatén Tegal dihampad banjir lubar udan barat sajegé dina Jemuah (1/1/2021). ( Foto: Istimewa)
ADVERTISEMENT
TEGAL — Atusan umah nang patang désa sing ana nang rong kecamatan wilayah Kabupatén Tegal dihampad banjir lubar udan barat sajegé dina Jemuah (1/1/2021). Banjir kedadén nang patang désa, yakuwé Kelurahan Slawi Kulon, Kudaile, Kecamatan Slawi uga Désa Tembok Lor lan Tembok Banjaran, Kecamatan Adiwerna.
ADVERTISEMENT
Rélawan PMI Kabupatén Tegal, Ramedhon wayah dikonfirmasi dina Jemuah (1/1/2021) bengi ngomong, ngantikan jam pitu bengi, banjir ésih ngecembongi umah umah warga karo dhuwuré banyu sing werna-werna.
"Dhuwuré banyu pirang-pirang, molai seka séket séntiméter ngantikan satus séket séntiméter. Banjir kiyé gara-gara udan barat sing semadan suwé lan nggawé ana pirang kali mluntrah," jaréné.
Nganggo dasar data seka hasil assesment, Ramedon nglanjutna, nggo jumlah umah sing keleban nang Kelurahan Slawi Kulon, Kecamatan Slawi seakéh rongpuluh (20) unit umah. Latané nang Kelurahan Kudaile ana sewidak (60) unit umah, Désa Tembok Lor ana sewidak (60) unit umah lan Désa Tembok Banjaran, Kecamatan Adiwerna seakéh telungpuluh (30) unit umah.
"Nggo banjir nang Kelurahan Slawi Kulon banyu wis molai kisat. Lah, nék nggo nang Kecamatan Adiwerna ésih keleban. Sesuai karo hasil pengecekan nang lapangan, nganti bengi kiyé durung ana warga sing ngungsi," ungkapé.
ADVERTISEMENT
Pada baé kaya sing diomongna daning salah siji rélawan Badan Penanggulangan Bencana Daerah (BPBD) Kabupatén Tegal, Kurdianto. Jaré dhéwéké, banjir sing kedadén ésih kategori aman. Mudahan-mudahan banyu gagiyan kisat. "Ana pirang-pirang rélawan sing wis maring lokasi lan kondisiné ésih aman. Lan nganti saiki durung ana laporan wong ngungsi," jaréné.
Sementara kuwé, Kepala Desa Tembok Banjaran, Kecamatan Adiwerna Mustamid ngomong, pihaké ésih ndatani umah umah sing keleban banjir. Nggo data sementara wis ana pitungpuluh unit umah sing dilaporna keleban banjir.
"Dhuwuré banyu sing paling dhuwur tekan sa méter. Kiyé ésih terus dhéwék ileng lan ngénténi laporan. Seadoh kiyé durung ana warga sing ngungsi," jaréné.
Senajan udan wis mudun, pemréntah désa nang kana bareng karo relawan BPBD lan PMI Kabupatén Tegal ésih terus ngileng kondisi nang lapangan. Pasalé, senajan udan wis mari, tapi banyu banjir sing yakuwé lubéran seka kali ésih munggah.
ADVERTISEMENT
"Udan sih wis mari, tapi durung ana tanda-tanda kisat, malah banyu ésih terus munggah. Banyu Kali Jambangan ésih mluntrah. Ndéan kiyé nang daérah kidul ésih udan gedhé," jelasé.
Ora mung umahé warga, banjir merga udan sing gedhé uga ngecémbongi Alun-alun Hanggawana Slawi. Malah merga dhuwuré banyu tekan patangpuluh séntiméter, ruas dalan nang bunderan Alun-alun dineb ébén kendaraan ora pada nglinter. Pasalé, kendaraané bakalé pada mblebek angger nekad nrobos banjir kuwé. (*)