Atusan Wong Dagang nang Tegal Pada Mlayu Wayah Pan Dites Swab

Konten Media Partner
19 November 2020 20:51 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Petugas nglakoni tést swab maring wong dagang nang Pasar Suradadi, Kabupatén Tegal, dina Rebo (18/11/2020). (Foto: Syaifullah)
zoom-in-whitePerbesar
Petugas nglakoni tést swab maring wong dagang nang Pasar Suradadi, Kabupatén Tegal, dina Rebo (18/11/2020). (Foto: Syaifullah)
ADVERTISEMENT
TEGAL  — Atusan wong dagang nang Pasar Suradadi, Kabupatén Tegal pada mlayu wayah pan ditést swab daning petugas, dina Rebo (18/11/2020). Bakul-bakul kuwé milih nutup kios lan lunga ngindari petugas soalé wedi.
ADVERTISEMENT
Kasi Survéilans dan Cuplikan Dinas Keséhatan (Dinkes) Kabupatén Tegal Eko Budi Prasrianto Prabowo ngomong, rencanané tés swab dilakoni nggo 694 wong dagang. Tapi ngantikan jam tengah sepuluh awan, mbené satus bakul sing mélu.
"Infoné wong sing pada dagang lunga soalé duwé anggepan tést swab kuwé lara," jaréné.
Nurut dhéwéké, bakul-bakul khawatir sawisé nglakoni swab pan digawa maring Rumah Sakit. Padahal, jaré dhéwéké, tést swab dhéwék nggo mékena rasa aman nggo wong dagang dhéwék.
"Padahal kuwé belih bener. Tést swab rasané mung keri tok lan laka sing digawa swab," jaréné.
Dilaksanaknané tést swab kiyé, Eko nglanjutna, nggo nindaklanjuti anané rong bakul nang Pasar Suradadi sing positif kena COVID-19. Malah, ana wong siji sing wis ninggal dunya.
ADVERTISEMENT
"Dadi tést swab massal kiyé yakuwé upaya tracing lan penelusuran karo kontak kenceng seka pedagang sing wis dinyatakna positif COVID-19," ungkapé.
Jaré dhéwéké, pemeriksaan sempel swab nang laboratorium nudukna ana sing positif, dadiné Pasar Suradadi dinyatakna dadi klaster anyar jeronéng penyebaran COVOD-19 lan pan ditindaklanjuti. Tapi angger hasilé négatif, dadiné tést swab ora pan lanjutna.
"Hasilé ndéyan mbené bisa dingerténi 5 dina nganto 7 dina mengarep. Nyong ngimbau wong dagang pada matuhi protokol kesehatan," jelasé. (*)