Bapa-bapa nang Tegal Kiyé Kolu Nyabuli Anaké Dhéwék sing Umuré 16 Taun

Konten Media Partner
28 Juli 2020 19:44 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Pelaku saat di Mapolres Tegal, Senin (27/7). (Foto: Syaifullah)
zoom-in-whitePerbesar
Pelaku saat di Mapolres Tegal, Senin (27/7). (Foto: Syaifullah)
ADVERTISEMENT
SLAWI – Bejad nemen kelakuané bapa-bapa sing huruf ngarepé D (44) seka Désa Kambangan, Kecamatan Lebaksiu, Kabupatén Tegal. Dhéwéké kolu nyucus anak kandungé dhéwék sing esih mambu kencur. Parahé, aksi kuwé dilakoni ping kopang-kaping wayah kondisi umah lagi sepi.
ADVERTISEMENT
Dingerténi, aksi bejad kuwé dilakoni akehé nganti ping lima (5). Pertama sekitaréng wulan Maret 2016 jam siji awan. Keloro, wulan November 2017 sekitaréng jam loro awan. Ketelu, wulan Séptember 2018 sekitaréng jam setengah wolu béngi. Kepapat wulan Januari 2019 sekitaréng jam telu sore lan kelima nang dina Kemis tanggal 2 wulan April 2020 sekitar jam wolu béngi. Lah, pihak kluwarga nembé nglaporna pelaku maring polisi nang tanggal 09 wulan Juni 2020.
"Nang saben aksiné, pelaku ngancem korban ebén ora nglaporna maring manéné. Angger nglaporna mengko pelaku ora mekena duwit jajan, duwit biaya nggo sekola. Pelaku uga mbanting handphoné ndéké korban lan sempet ngancem pan maténi korban," omongé Kasat Reskim Polres Tegal, AKP Heru Sanusi wayah nggelar Press Release, dina Senén (27/7).
ADVERTISEMENT
Nang kedadenan pertama, Heru nglanjutna, pelaku weruh korban lubar adus lan mung nganggo anduk. Nang kono kuwé korban nafsuné langsung nyembul lan nyucus korban sing saiki umuré nembé nembelas (16) taun. Aksi kuwé dilakoni nang umahé pas awan wayah bojoné pelaku utawa mboké korban lagi nyambut gawé nang sawah.
"Aksi kuwé terusan dilakoni nang umahé wayah bojoné pelaku metung umah. Lan terusan dilakoni mbari ngancem korban," jaréné.
Jaréné, aksi bejad pelaku keungkap wayah korban lunga maring Jakarta. Nang kana, korban kanda karo salah siji saduluré ngenani kedadénan sing dialami dhéwéké. Lan jebulané, pas hal kuwé ditakokna langsung, pelaku ngakoni sakabehanéng perbuatané.
"Dadi aksi kuwé kebongkar wayah korban lunga maring Jakarta lan kanda karo saduluré. Latané mboké korban ya nglaporna maring dhéwék," jelasé.
ADVERTISEMENT
Nang arepe petugas, pelaku sing huruf ngarepé D ngaku nekad nyucus anak kandungé dhéwék soale kegawa nafsu wayah weruh anaké nganggo anduk lubar adus. Soale kondisi umah sepi, dhéwéké ya langsung nyucus korban.
"Nyong nafsu deleng dhéwéké mung kur nganggo anduk. Nyong langsung manjing kamar lan langsung tak cucus," ngakuné.
Pelaku uga ngaku elom karo bojoné sing kadang nolak diejak tumpak-tumpakan. Mugané pas weruh anaké mung nganggo anduk dhéwéké ya langsung kepengin numpaki.
Gara-gara kelakuané, pelaku diancem pasal 81 ayat (1) lan ayat (3), jo pasal 76D UU RI nomer 17 taun 2016 ngenani perlindungan anak. Pelaku diancem ukuman maksimal 20 taun penjara lan denda Rp5 Miliar. (*)