news-card-video
Jakarta
imsak
subuh
terbit
dzuhur
ashar
maghrib
isya

Barang Usahané Dijukut Satpol PP, PKL Jalan Pancasila Wadul maring Polisi

Konten Media Partner
27 Juli 2022 20:32 WIB
·
waktu baca 3 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Edy Kurniawan, PKL  Jalan Pancasila, Kota Tegal nglaporna anggota Satuan Polisi Pamong Praja (Satpol PP) maring Polres Tegal Kota, Senin (25/7/2022) malam. (Setyadi/PanturaPost)
zoom-in-whitePerbesar
Edy Kurniawan, PKL Jalan Pancasila, Kota Tegal nglaporna anggota Satuan Polisi Pamong Praja (Satpol PP) maring Polres Tegal Kota, Senin (25/7/2022) malam. (Setyadi/PanturaPost)
ADVERTISEMENT
TEGAL – Edy Kurniawan, pedagang kaki lima (PKL) nang Jalan Pancasila, Kota Tegal nglaporna anggota Satuan Polisi Pamong Praja (Satpol PP) maring Polres Tegal Kota, dina Senén (25/7/2022) bengi.
ADVERTISEMENT
Wong lanang sing akrab diundang Edy Bongkar belih trima, usaha wahana permainan pemancingan anak sing biasa digelar nang Jalan Pancasila dijukut Satpol tanpa sepengetahuané dhéwéké.
“Barang ilang dijukut dina Senén soré. Benginé nyong wadul maring kantor polisi,” jaré Edy ditemoni nang Gedung DPRD, dina Slasa (26/7/2022).
Senajan sempet dilakokna médiasi sing difasilitasi petugas Kepolisian Polres Tegal Kota, tapi tetep baé buntu.
Ketua Organisasi Éks Pedagang Taman Poci (Orpeta) Kota Tegal kuwé tetep nglanjutna laporané nganti dhéwéké nampa Surat Tanda Penerimaan Pengaduan (STPD) seka Polres Tegal Kota.
Edy njelasna, kedadénan awalé pas dhéwéké ngglétakna perlengkapan neng lokasi sing biasané dhéwéké nggo luruh nafkah sekitar jam telu soré.
Setengah jam latané, dhéwéké lunga sadélat nggo mapag anaké sing nembé baé balik seka sekolah. “Nyong uga sempet adus lan salat. Latané balik maning maring lokasi dodolan,” terangé Edy.
ADVERTISEMENT
Anjog neng lokasi, Edy ora weruh perlengkapan usahané. Dhéwéké uga wis usaha takon maring PKL liyané sing ana neng lokasi kuwé tapi laka sing ngarti.
“Wektu kuwé, nyong ketemu karo petugas Satpol PP lan petugas kuwé nyampékna yén barangé nyong wis digawa,” jaré Edy.
Edy ngaku nyayangna sikap seka petugas kuwé sing njukut perlengkapané tanpa sepengetahuan dhéwéké. Dhéwéké ngaku kepaksa nglaporna kedadénan kuwé maring pihak Kepolisian nggo diprosés sesuai karo ketentuan sing ana.
“Soalé nyong ora ngerti barangé nyong dijukut. Dadi nyong laporna maring polisi atas dugaan tindak pidana pencurian,” jaré Edy.
Edy ngaku ngalami tuna tekan Rp 8 juta. Edy ngarep-arep ébén laporané bisa gagiyan diprosés daning pihak Kepolisian.
ADVERTISEMENT
Kepala Satpol PP Kota Tegal Hartoto ngomong awalé ana salah sini anggota masarakat sing ngglétakna sarana dagangané neng trotoar sewelah kidul Jalan Pancasila. Jaréné, hal kuwé ora diolihna sesuai Peraturan Daérah (Perda).
“Sesuai karo perda kuwé, fungsi trotoar gunané nggo wong sing mlaku. Tapi, wektu kuwé ana wahana permainan sing diglétakna neng ndhuwuré,” jaré Hartoto maring wartawan.
Hartoto ngaku pihaké sempet ngenténi sing nduwé nggo teka lan njukut barangé.
Wis dienténi, jebulané sing nduwé ora njukut uga. Dadiné petugas Satpol ngamana barang kuwé maring Markas.
“Sifaté dhéwék ngamana digawa maring Markas Komando. Nyong uga wis pesen maring anggota, yén ana sing ngrasa kélangan bisa dijukut neng kantor,” jaré Hartoto.
Hartoto ngungkapna, pancén sempet dilakokna médiasi sing difasilitasi polisi. Tapi médiasiné buntu lan PKL kuwé tetep nglanjutna nggawé laporan maring polisi. (*)
ADVERTISEMENT