Baya Ingon-ingon Ndéké Wong Pemalang pan Diwékena Maring Sing Gelem Ngingu

Konten Media Partner
4 Mei 2021 22:49 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Petugas Damkar Kota Pekalongan naleni buaya sing pan dititipkan maring Home Reptil Kota Pekalongan, Minggu (2/5). (Foto: dok Home Reptil Kota Pekalongan)
zoom-in-whitePerbesar
Petugas Damkar Kota Pekalongan naleni buaya sing pan dititipkan maring Home Reptil Kota Pekalongan, Minggu (2/5). (Foto: dok Home Reptil Kota Pekalongan)
ADVERTISEMENT
PEMALANG — Muhammad Miftachul Ullum (35), warga Désa Serdadi, Kecamatan Comal, Kabupatén Pemalang kepaksa nguculi baya ingon-ingoné maring pihak liya. Soalé, dhéwéké wedi mbokan baya kuwé nrawasna anaké sing ésih balita.
ADVERTISEMENT
Miftachul Ullum ngomong wis ngingu baya kuwé wis nem taun. Lan saiki umur baya kuwé énggal pitung taun.
Dhéwéké ngaku, baya kuwé nurut nemen lan bisa interaksi karo menungsa. Jaréné, ora angel nggo miyarané. Tapi merga nduwéni bocah cilik, dhéwéké ya dadi kuwatir karo keslametan anaké.
"Sing nyong kuwatirna wayah laka sing mbatiri anaké nyong dolanan. Dadi nyerahna baya kuwé," jaréné, dina Senén (3/5/2021).
Dhéwéké ya mutusna nggo nawani maring sapa baé sing gelem ngrawat baya kuwé nang médsos. Gayung bersambut, komunitas Home Réptil Kota Pekalongan siap nampung baya ndéké Ullum.
"Sawisé komunikasi, sing duwé akhiré nyerahna baya maring dhéwék," tuturé anggota Home Réptil Kota Pekalongan, Dika.
Dhéwéké ngomong penyerahan baya karo dawa 1,5 metér kuwé dilakoni daning anggota komunitas bareng karo petugas Damkar Kota Pekalongan. Baya kuwé akhiré bisa diévakuasi seka kolamé nang dina Minggu (2/5/2021) soré.
ADVERTISEMENT
"Sacepeté dhéwék wekena maring Balai Konservasi Sumber Daya Alam (BKSDA). Tapi nganti saiki dhéwék ésih ngenténi kabar seka BKSDA, kapan njukuté," jaréné.
Yudha Wijaya, salah siji petugas Pemadam Kebakaran (Damkar) Kota Pekalongan ngomong baya kuwé pan gagiyan diwékena maring BKSDA. "Iya, nyong évakuasi Minggu soré wingi. Nggo sementara dititipna maring Home Réptil Kota Pekalongan," jaréné. (*)