Bisa Nylametna Anaké Bupati, Anggota Satreskrim Polres Brebes Olih Penghargaan

Konten Media Partner
22 April 2021 15:40 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Kapolres Brebes AKBP Gatot Yulianto memberikan penghargaan kepada anggotanya lantaran kinerja yang baik dalam pengungkapan kasus kejahatan menonjol. (Foto: Fajar Eko Nugroho)
zoom-in-whitePerbesar
Kapolres Brebes AKBP Gatot Yulianto memberikan penghargaan kepada anggotanya lantaran kinerja yang baik dalam pengungkapan kasus kejahatan menonjol. (Foto: Fajar Eko Nugroho)
ADVERTISEMENT
BREBES — Kapolrés Brebes AKBP Gatot Yulianto méin penghargaan maring anggotané merga wis nduwéni kinerja sing apik. Anggota sing nampa penghargaan kiyé wis berhasil ngungkap pirang-pirang kasus ngantikan nylametna duité negara.
ADVERTISEMENT
Anggota-anggota sing olih penghargaan, nang antarané Kanit 1 Satréskrim Polrés Brebes Aiptu Titok Ambar Pramono lan Kanit 2 Satréskrim Polrés Brebes Ipda Indra lan sanga anggota Résmob. Dhéwéké wis bisa ngungkap kasus percobaan bégal mobil, sing korbané yakuwé anak wadoné Bupati Brebes.
Wayah nyergap pelaku kasus UU Darurat lan Narkotika kuwé, tim Résmob bisa maca situasi nang lapangan ngantikan akhiré berhasil nangkep lan nglumpuhna pelaku.
Penghargaan uga diwékena maring Kapolsék Banjarharjo Iptu Teguh Iswanto bareng karo telung anggotané. Dhéwéké berhasil ngungkapna kasus pengeroyokan ngantikan nggawé korban siji ninggal dunya. Malah, kasus kuwé keungkap ora nganti 24 jam lan pelaku bisa dicekel.
Lah, angger rong anggota liyané sing olih penghargaan yakuwé anggota Séksi Pengawasan (Siwas) Polrés Brebes sing berhasil nylametna duité negara.
ADVERTISEMENT
"Nyong ngucapna matur nuwun maring anggota kabéh, soalé kerjané apik sesuai karo tupoksi dhewek-dhewek. Nyong ngarep-arep karo anané penghargaan kiyé bisa terus ditingkatna kinerja pengabdiané nglayani masarakat," omongé Gatot Yulianto lubar penyerahan penghargaan maring 17 anggotané nang Mapolrés Brebes, dina Rebo (21/4/2021).
Kapolrés ngarep-arep maring anggota sing durung nampa penghargaan nggo luwih ningkatna disiplin lan ningkatna kinerja wayah nglakokna tugasé.
"Nyong ngarep-arep maring kabéh anggota nang lapangan ébén mékena pelayanan sing paling apik maring masarakat. Toli, ningkatna sinérgitas maring masarakat. Sing durung olih penghargaan hayuh balapan ngolihna préstasi," pungkasé. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz