Bocah Loro Ditemukna Ninggal Dunia Kelelep nang Komplék Nirmala Square Tegal

Konten Media Partner
5 Mei 2021 14:44 WIB
comment
1
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Bocah loro ditemukna ninggal klelep nang basement utawa tempat parkir ngingsor gedung, Komplék Pertokoan Nirmala Square, Kecamatan Tegal Timur, Kota Tegal, dina Slasa (4/5/2021) awan.
zoom-in-whitePerbesar
Bocah loro ditemukna ninggal klelep nang basement utawa tempat parkir ngingsor gedung, Komplék Pertokoan Nirmala Square, Kecamatan Tegal Timur, Kota Tegal, dina Slasa (4/5/2021) awan.
ADVERTISEMENT
TEGAL — Bocah loro ditemukna ninggal klelep nang basement utawa tempat parkir ngingsor gedung, Komplék Pertokoan Nirmala Square, Kecamatan Tegal Timur, Kota Tegal, dina Slasa (4/5/2021) awan.
ADVERTISEMENT
Korban dingerténi arané Ata (11), warga Désa Purwahamba, Kabupatén Tegal, lan M Padil (7), warga Dalan Serayu Nomer 68, Kelurahan Mintaragen, Kota Tegal.
Wakapolsék Tegal Timur, AKP Suratman, wayah dikonfirmasi ngomong pihaké mung olih laporan seka warga sekitar jam tengah loro awan. Lan kedadénan kuwé laka saksi sing weruh. "Dhéwék mung olih laporan seka warga ari ana bocah klelep nang Nirmala," jaréné.
Ke loro korban, jaré Suratman, ditemukna daning warga kondisiné wis ninggal dunya merga klelep nang basement. Basement kuwé kebek daning banyu soalé wis taunan mangkrak. Kejeronan banyu basement diperkirakna sekitar limang méter.
"Ya korbané bocah. Sing sijiné maning posisiné semadan maring njero, mengidul," jaréné.
Ditakoni ngenani sing nggawé korban klelep, Suratman durung bisa mastikna. Tapi diperkirakna keloroné keplését wayah dolanan nang pinggir kolam basement.
ADVERTISEMENT
"Ya ésih kemungkinan kuwé merga keplését. Soalé keloroné ésih nganggo klambi pepek," tambahé.
Jaré liliké korban, ke loro korban pamit dolanan sekitar jam sanga ésuk, dina Slasa (4/5/2021). Tapi ngantikan dina Slasa awan korban ora balik-balik.
Sawisé diévakuasi, ke loro jasad korban langsung digawa maring RSUD Kardinah Kota Tegal nggo divisum. Bar kuwé, ke loro jasad koban Diwékena maring pihak kluwargané.
"Nggo saiki ésih di lidik Satréskrim Polrés Tegal Kota," pungkasé. (*)