Bocah Loro nang Tegal Ditemukna Ninggal nang Bekas Kandang Bébék

Konten Media Partner
11 Desember 2020 19:48 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Petugas masang garis polisi nang TKP ditemuknané rong bocah sing ninggal kuwé.
zoom-in-whitePerbesar
Petugas masang garis polisi nang TKP ditemuknané rong bocah sing ninggal kuwé.
ADVERTISEMENT
TEGAL — Warga Kelurahan Sumurpanggang, Kecamatan Margadana, Kota Tegal pada héboh gara-gara ana bocah lanang loro ditemukna ninggal, dina Kemis (10/12/2020) ésuk neng endongan bekas kandang bébék. Lokasi tepaté nang pinggir Kali Kemiri, belih adoh seka Terminal Bis Kota Tegal.
ADVERTISEMENT
Durung ngerti pasti sing nggawé ninggalé rong bocah kuwé. Korban dingerténi arané M. Riski (6) lan Féri Fatkurochman (4).
Nurut keterangan warga sakoloman, Yérmi, mauné bocah loro kuwé sempet belih balik maring umahé sajegé dina Rebo (9/12/2020) soré.
"Bocah kuwé manggon nang gubug pinggir kali karo wong tuwané. Dadi kaya Gépéng (gelandangan tukang-ngémis) kaya kuwé," omongé Yérmi nang lokasi wayah dibél PanturaPost.com.
"Bocah-bocah kiyé ucul seka pantauan wong tuwané sing kawit wingi luruh keloroné. Malah rong wong tuwané nganti nggoléti anjog maring wilayah Muarareja tapi ora ketemu," sambungé.
Mbené nang dina ngésuke, warga sakoloman nemu keloroné wis ninggal neng endongan banyu bekas nggo kandang ternak bébék. "Mbené ésuk-ésuk mau ana cah enom pan nguyuh weruh ana mayid bocah cilik," jaréné.
ADVERTISEMENT
Petugas masang garis polisi nang TKP ditemuknané rong bocah sing ninggal kuwé. Warga liyané, Totong, ngomong pas kuwé saksi mata latané ngebéll warga liyané.
Wayah nganjatna mayid siji, ujug-ujug katon ana mayid bocah liyané. "Bareng karo warga liyané latane usaha diundang nggo nganjatna mayid korban," omongé Totong maring wartawan.
Kedadénan kuwé ya langsung dilaporna maring petugas kepolisian. Mayid ke loro bocah kuwé akhiré diévakuasi maring RSUD Kardinah Kota Tegal.
Kapolsék Sumurpanggang Kompol K. Lanus ngungkapna, kasus kuwé esih dislidiki. "Bu Kapolrés wis maning maring TKP," jaré Lanus.
Lanus ngomong, molai seka pengurusan jenazah seka Rumah Sakit anjog maring pemakaman diurus daning Polsék Sumurpanggang. "Soalé rong wong tuwané korban belih mampu lan kerja dadi pemulung," jaré dhéwéké.
ADVERTISEMENT
Lanus ngungkapna, korban dingerténi arané M. Riski bin Suratno umuré enem taun warga Kelurahan Sumurpanggang, lan Feri Fatkurochman bin Ruswanto umuré patang taun warga Kelurahan Margadana. (*)