Bocah Pemalang Kiyé Nekad Kendat nang Wit Nangka

Konten Media Partner
13 Desember 2020 20:57 WIB
comment
1
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Gantung diri Foto: Pixabay/ArtWithTammy
zoom-in-whitePerbesar
Gantung diri Foto: Pixabay/ArtWithTammy
ADVERTISEMENT
PEMALANG — Warga nang Désa Majalangu, Kecamatan Watukumpul, Kabupatén Pemalang pada heboh gara-gara ana bocah kendat, dina Saptu (12/12). Dinyana merga diputusna pacaré, cah lanang sing inisialé MRM (17) kuwé nekad kendat nang wit nangka ngantikan ninggal.
ADVERTISEMENT
Salah siji warga Désa Majalangu, Kecamatan Watukumpul, Diana Wahyuningsih ngiyakna kedadénan kuwé. Jaré dhéwéké, korban ditemukna wis nggantung nang wit sing ana nang pinggir Kali Pucang sekitar jam tengah enem soré. Korban latané diévakuasi sekitar jam enem soré.
"Iya ana warga sing weruh korban wis nggantung. Latané dilaporna maring perangkat désa lan dilaporna maring Polsék Watukumpul," jaréné.
Lokasi kedadénan kuwé, Diana nglanjutna, ana nang samping umahé cah wadon sing dinyana disenengi daning korban. Akéh warga sing duwé anggepan ari korban nekad kendat merga diputus. Hal kuwé dikuatna karo ketemuné tulisan nang tembok umahé korban sing nyatakna, korban cinta mati karo cah wadon kuwé.
"Nyong ora ngarti persisé. Mukur akéh warga sing ngomong korban kuwé pacaran karo cah wadon kuwé lan diputusna," ungkapé.
ADVERTISEMENT
Sementara kuwé, Kapolsék Watukumpul, Ipda Dibyo Suaryanto uga ngiyakna anané peristiwa bunuh diri nang Désa Majalangu. Korban pertama pisan dingerténi wis kendat nang wit nangka kegubed tali senar plastik warnanan kuning nang pinggir kali.
Jaré dhéwéké, nganggo dasar keterangan seka kluwarga nang dina Saptu (12/12/2020) sekitar jam telu soré, korban pamitan karo manéné nggo lunga dolan maring umahé batiré. Tapi, sekitar let pirang jam, warga nemu korban wis kendat.
"Pas kuwé, ana warga mlaku balik ngliwati pinggir kali lan weruh korban keadaané nggantung. Sawisé ngileng kedadénan kuwé, selanjuté, saksi nglaporna kedadénan kuwé maring perangkat désa lan nglaporna maring Polsék Watukumpul," tuturé.
Sawisé diévakuasi, tim médis seka Puskesmas Watukumpul nglakoni pemeriksaan karo korban. Hasilé, ditemukna anané bekas glubedan sing jero nemen nang gulu. "Kekait motif asmara kuwé mung rumor. Pihak kluwarga ya nrima kedadénan lan nyatakna dadi blai. Médis ora nemu anané tanda tanda penganiayaan, korban ninggal murni merga kendat," jelasé. (*)
ADVERTISEMENT