Bocah Sumsel Minggat, Péngin Melu Balbalan Karo Persékat Academy nang Tegal

Konten Media Partner
17 Januari 2021 16:38 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Manajer Persekat Ersal Aburizal nganter Ridho sampai Stasiun Tegal
zoom-in-whitePerbesar
Manajer Persekat Ersal Aburizal nganter Ridho sampai Stasiun Tegal
ADVERTISEMENT
WAYAH kompetisi Liga Indonesia ora nana kejelasan merga pageblug Corona, ana crita menarik nang dunya bal-balan kiyé. Sosok cah enom seka daérah Musi Banyuasin, Provinsi Sumatera Selatan (Sumsel), sing kepéngin dadi pemain bal-balan profésional dikabarna ilang lan nggawé kuwatir wong tuwané.
ADVERTISEMENT
Wong tuwané cah enom kuwé, Bambang Irawan, warga Dusun VII Air Putih Ulu, Kecamatan Plakat Tinggi, Kabupatén Musi Banyuasin, Provinsi Sumatera Selatan sempet was-was. Ridho Irawan (19), anak lanangé ora balik maring umah lan HaPé-né ora bisa dibéll sajegé dina Senén (4/1/2021) awan.
Bapak karo anaké kuwé terakhir ketemu pas ésuk, wayah ngater Ridho kuliah anjog gerbang kampus STIE Rahmaniyah, Musi Banyuasin. Nemoni anaké ora balik-balik, dina Slasa (5/1/2021), Bambang nglapor maring Polrés Musi Banyuasin. Berita kelangan uga sempet viral nang pirang-pirang media massa lan media sosial kononan.
Jebulé Ridho ngranto maring Tegal nggo nacak méloni seléksi Persékat Academy. HaPé-né didol nggo modal dhéwéké maring Tegal mugané ora bisa dibéll kluwarga lan batir-batiré.
ADVERTISEMENT
Ridho krasa wong tuwané ora sakebeké ndukung dhéwéké dolanan bal-balan. Wong tuané pada ngarep-arepna Ridho kerja dadi wong kantoran. Tapi dhéwéké krasa ora cocog. Krasa ora pan olih restu seka wong tuwa, akhiré Ridho lunga nuju maring Tegal ora pamit. Niaté kepéngin manjing program Persékat Academy. Ridho olih informasi ngenani Persékat Academy seka medsos lan internét.
"Nyong yakin adong anuk Persékat bisa nembus Liga 1 lan dadi klub sing gedhé. Soalé, peduli karo pembinaan pemain-pemain enom. Nyong uga kepéngin mbuktikna lan nunjukna maring kluwarga ari nyong bisa nduwé préstasi lan nggawé bungah kluwarga lewat bal-balan," omongé Ridho.

Persékat Academy nang Tegal Durung Molai

Manajer Persékat, Érsal Aburizal nanggepi positif lalang buanané Ridho. "Seka kedadénan kiyé, dhéwék bisa ngileng. Seka luar pulo baé, ana sing tertarik nemen nggo gabung bareng karo Persékat. Mugané kuwé, nom-noman Tegal kudu luwih semangat lan berjuang nggo nggawé wangi daerahé dhéwék. Tim Talént Scout dhéwék uga wis ngileng pemain-pemain poténsial sing dolanan nang kompetisi internal Divisi I lan II Kabupatén Tegal sing pan diejak gabung maring Academy," tuturé Érsal, dina Jemuah (15/1/2021).
ADVERTISEMENT
Sayangé merga teka ora konfirmasi disit, Ridho ora ngarti angger program Persékat Academy durung molai mugané Ridho kepaksa dibalikna. Ridho mung sempet latihan lan dolanan neng Troféo Persékat, kompetisi internal sing nemukna telung tim paling dhuwur Divisi I Kabupatén Tegal pas dina Minggu (10/1/2021) nang Stadion Tri Sanja.
"Nang awalé dhéwék ora ngarti angger dhéwéké maring Tegal ora pamitan karo wong tuwané. Dhéwék akhiré njujugna balik soalé program Academy pancén durung molai, lan soalé dhéwéké ora nggawa sangu sing cukup, dhéwék réwangi akomodasi lan transportasiné," omongé Érsal.
Sementara kuwé, salah siji anggota Skaterz, Dédy Rosadi ngomong, saminggu luwih laka kabar, kluwargané Ridho akhiré molai olih kabar wayah akun sosméd Skaterz, klompok suporter Persékat, nggawé postingan ngenani perjalanan baliké Ridho. Postingan kuwé rupané viral lan diwaca daning kanca-kancané Ridho nang Musi Banyuasin, sing gagiyan nyampékna kabar kuwé maring wong tuwané Ridho.
ADVERTISEMENT
"Skaterz Jabodetabek pancén olih tugas khusus seka manajemen Persékat nggo ngawal lan mbatiri Ridho nang Jakarta nganti travel sing pan ngater dhéwéké maring Palémbang mapag dhéwéké nang Stasiun Pasar Senén," tuturé Dédy Rosadi, anggota Skaterz Jabodetabek sing sadina-dina nyambut gawé dadi driver ojég onlén.
"Dina Rebo awan (13/1) dhéwék dibéll manajer Persékat Érsal Aburizal, ébén ngréwangi lan mastikna Ridho bisa balik maring kampungé. Soalé, manajemen Persékat wis nyediakna transportasi sepur seka Tegal maring Jakarta. Disambung travel seka Jakarta maring Palémbang. Sepur anjog stasiun jam tengah wolu bengi lan travel mbéné njemput dhéwéké nang jam sewelas bengi, lan lawasé kuwé dhéwék mbatiri dhéwéké," pungkasé Dedy. (*)