Bocah Telu Dadi Tersangka Nyebarna Hoax Démo PPKM nang Kota Tegal

Konten Media Partner
27 Juli 2021 20:06 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Kapolres Tegal Kota AKBP Rita Wulandari nunjukna barangbukti kasus berita hoaks nang Mapolres setempat, Senin (26/7/2021). (Foto: Setyadi)
zoom-in-whitePerbesar
Kapolres Tegal Kota AKBP Rita Wulandari nunjukna barangbukti kasus berita hoaks nang Mapolres setempat, Senin (26/7/2021). (Foto: Setyadi)
ADVERTISEMENT
TEGAL — Bocah telu sing ésih sekola ditetepna dadi tersangka neng kasus nyebarna berita hoaks aksi démo nolak Pemberlakuan Pembatasan Kegiatan Masyarakat (PPKM) Darurat nang Kota Tegal. Merga pelaku ésih nang ngingsor umur, polisi ngupayakna kasus kiyé dirampungna neng luar pengadilan utawa diversi.
ADVERTISEMENT
Kapolrés Tegal Kota AKBP Rita Wulandari Wibowo ngomong, kasus kiyé molai seka anané atusan bocah sing nglakoni orasi lan tindakan sing ngganggu ketertiban umum nembé-nembé kiyé. Polisi latané ngréok 71 wong sing rata-rata esih nang ngingsor umur. Selanjuté mriksani HaPé ndéké salah siji cah sekola.
"Mugané penyelidikané ngrucut nang telung aran sing ditetepna dadi tersangka," omongé Rita, wayah konférénsi pérs nang Mapolrés Tegal Kota, dina Senén (26/7/2021).
Rita ngomong, seka HaPéné cah sekola kuwé, ana salah siji unggahan sing tulisané "All stars gerak, tulung kanca-kanca Tegal, Brebes, Pemalang bisa teka nang dina Senén, 19 Juli 2021. Titik kumpul Alun-alun lan titik démo balé kota lawas jam sepuluh awan, acara nolak PPKM".
ADVERTISEMENT
"Bocah-bocah kuwé pada nglakoni merga sadurungé weruh unggahan rencana aksi unjuk rasa nang médsos. Padahal, senioré (mahasiswa) wis ngralat lan nyampékna angger aksi diganti audiénsi," jaré Rita.
Rita ngomong, saliyané tersangka, polisi uga ngamana ana pirang barang bukti. Neng antarané HaPé telu, skrinsutan grup WA, lan postingan nang facebook.
Bocah-bocah kuwé keancem pasal 14 ayat (2) Undang-undang RI nomer 1 taun 1946 ngenani aturan hukum pidana. Karo anceman ukuman telung taun penjara.
"Tapi merga ésih nang ngingsor umur lan anceman ukuman nang ngingsor pitung taun, dadiné diupayakna diversi hukum. Mengkoné, sawisé dianakna rembugan dhéwéké pan dibalakna maring wong tuwané," terangé Rita.
Sadurunge dibritakna, puluhan cah sekolah seka Kota Tegal, Kabupatén Tegal, Brebes lan Pemalang diréok polisi, dina Senén (19/7/2021). Dhéwéké dinyana pan méloni démo nolak didawaknané PPKM Darurat.
ADVERTISEMENT
Kapolrés Tegal Kota ngomong, bocah-bocah sekolah kuwé teka soalé mauné weruh postingan médsos nggo nggabung neng aksi unjuk rasa nolak didawaknané PPKM Darurat
"Dhéwéké keinspirasi ana pirang postingan nang FB latané nyebar nang WA status lan liya-liyané. Mugané dhéwéké teka maring Kota Tegal," omongé Rita nang Mapolrés, dina Senén.
"Dhéwéké olih informasi awal pan ana gerakan seka kakang-kakangé (mahasiswa). Senajan wis dinéin-ngarti angger kegiatan mudun maring dalan kuwé ora sida dianakna tapi diganti karo ketemuan karo Wali Kota lan Forkopimda," sambungé Rita.
Jaréné Rita, soalé berita rencana aksi mudun maring dalan wis kadung nyebar ngendi ora, bocah-bocah sekola sing akéhé seka luar daérah tetep teka maring Kota Tegal. (*)