Bripka Bambang, Polisi sing Sregep Mulang Anak-anaké Nelayan nang Pesisir Tegal

Konten Media Partner
12 September 2021 14:48 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Bripka Bambang wayah ngajar anak-anake nelayan di Pesisir Tegal. (Foto: Dok Humas Polres Tegal)
zoom-in-whitePerbesar
Bripka Bambang wayah ngajar anak-anake nelayan di Pesisir Tegal. (Foto: Dok Humas Polres Tegal)
ADVERTISEMENT
TEGAL — Bripka Bambang Hermanto, polisi nang Kabupatén Tegal kiyé sregep mulang anak-anaké nelayan nang Désa Munjungagung, Kecamatan Kramat, Kabupatén Tegal.
ADVERTISEMENT
Kegiatan kuwé dilakoni neng sela-sela tugasé wayah njaga keamanan perairan nang Kabupatén Tegal.
Progam bimbingan belajar kiyé dilakoni Bambang saben pikét wayah soré sawisé Sembayang Ashar nganti sadurungé magrib. Kegiatan kuwé wis mlaku lawasé sataun luwih sajegé wulan Agustus 2020 utawa awal pageblug.
Nggo materi sing diwékena yakuwé pelajaran sekolah dasar tématik sing uga diwulangna nang sekola. Salah sijiné matematika.
Saliyané kuwé, Bambang terusan mékena imbauan maring murid-muridé ébén nduwéni sikap sopan lan santun, ora nakal, nurut karo guru lan wong tuwa. Saben mulang dhéwéké uga nerapna protokol keséhatan.
"Tugas polisi ora mung njaga keamanan lan ketertiban nang wilayah perairan. Tapi uga nglayani masarakat," omongé Bripka Bambang neng Siaran Pérs Humas Polres Tegal sing ditampa daning PanturaPost, dina Jemuah (10/9/2021).
ADVERTISEMENT
Neng sadina-dinané, Bripka Bambang tugasé dadi nahkoda Kapal Satpolairud KP 1031 IX. Dhéwéké uga sing nduwéni tanggungjawab neng kapal kuwé seka prawatan lan kebersihan.
Karo anané kegiatan kiyé diarep-arep bisa mékena manfaat. Yakuwé dadi pengganti wong tuwa sing ora bisa marahi anaké soalé lagi ngelaut.
"Karo anané kegiatan rutin kaya kiyé diarep-arep masarakat mélu bisa ngrasakna keamanan nang lingkungané lan bisa mékena nilé positif, malah bisa dikangeni lan diarep-arep terusan daning masarakat," pungkasé. (*)