Cintané Ditolak, Wong Lanang Kiyé Nékad Pan Ngobong Umahé Gadis Idamané

Konten Media Partner
18 Mei 2022 19:52 WIB
·
waktu baca 3 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Wong lanang nang Kota Pekalongan kiyé diamana warga soale pan ngobong umah, gara cintane ditolak gadis pujaan hatine.
zoom-in-whitePerbesar
Wong lanang nang Kota Pekalongan kiyé diamana warga soale pan ngobong umah, gara cintane ditolak gadis pujaan hatine.
ADVERTISEMENT
PEKALONGAN — Ana wong lanang nang Kota Pekalongan nékad pan ngobong umahé gadis pujaan atiné gara-gara cintané ditolak. Tapi aksi wong lanang kuwé akhiré bisa digagalna. Kedadénan kuwé ya dadi viral soalé kerékam vidio lan nyebar neng média sosial.
ADVERTISEMENT
Neng vidio viral sing diunggah neng akun Instagram @beritapekalongan1, katon ana wong lanang diamana daning warga. Neng unggahan kuwé, uga diwéin keterangan "dinyana gara-gara cintané ditolak daning wong wadon sing disenenginé, wong lanang kiyé nékad nekani umah lan niat mbakar nang Désa Tegaldowo, Kecamatan Tirto, Kabupatén Pekalongan. Lan kedadénan kuwé kedadén mbengi sekitar jam rolas.
Untungé, pas lagi kedadénan ana pirang warga sing sempet ngarténi aksiné kuwé mugané bisa digagalna. Kedadénan kuwé kedadén nang RT 8 RW 3, Désa Tegaldowo, Kecamatan Tirto, Kabupatén Pekalongan, lagi dina Senén (16/5/2022) bengi, sekitar jam rolas.
"Pas kuwé nyong lan kluwarga digugahna ttanggané ari émpér umah lan ngarep warung kuwé disiram bénsin daning wong lanang lan pan diobong," jaré Sri Mulyani (45), dina Slasa (17/05/2022).
ADVERTISEMENT
Sri ngungkapna angger dhéwéké ngenal wong lanang kuwé, yakuwé arané Muhammad Mu'arif (25), warga Krapyak Kidul gang 8, RT 2 RW 15, Kecamatan Pekalongan Utara, Kota Pekalongan. Dhéwéké ndemeni anaké, Dzita Muriati (23) lan pas kedadénan Dzita Muriati ora ana nang umah.
"Sawisé nyiram bénsin, wong lanang kuwé ésih nang ngarep umahé nyong. Nyong ora ngarti angger dhéwéké pan ngurubna geni. Pas kuwé ana tanggané sing ngileng dhéwéké nyekel gendul sing isiné bénsin," ungkapé.
Ora let suwé, jaré Sri, lubar tanggané weruh umahé disiram bénsin, wong lanang kuwé langsung diamana daning tangga-tanggané. Lubar diamana, jebulé dhéwéké ngenali wong lanang kuwé lan njaluk digawa manjing maring njero umah nggo ngindangi hal-hal sing ora dikepéngini soalé nang jaba wis akéh warga.
ADVERTISEMENT
"Ya nyong kongkon manjing lan nyong kunci lawangé. Nyong wedi wong lanang kuwé dikhantemi warga, kan melas. Ya akalen dhéwéké wis niat jahat, tapi nyong ora téga," omongé.
Sri nyebut angger wong lanang kuwé wis suwé kenal lan batiran karo anaké. Dhéwéké nyana, merga cintané ditolak anaké, akhiré wong lanang kuwé nékad pan ngobong umahé.
"Ya ndéyan anaké nyong ésih pan fokus karo pegawéane nang Bandung. Akhiré nomeré wong lanang kuwé diblokir, dadi wong lanang kuwé akhiré nékad," tambahé.
Sri ngomong angger wong lanang kuwé sering dolan maring umahé pas anaké balik maring umah. Dhéwéké uga wis ngrampungna persoalan kuwé nganggo cara kekeluargaan. Dhéwéké uga nganggep wong lanang kuwé wong sing apik.
ADVERTISEMENT
"Angger anaké nyong salah uga ora ngarti. Dadi, masalah kiyé rampung karo nganggo cara kekeluargaan," imbuhé.
Sementara kuwé Kapolsek Tirto AKP Darwoto ngecék langsung lokasi umah sing pan diobong daning cah enom kuwé. Pihaké kepéngin mastikna, pas kedadenan neng bengi kuwé laka korban jiwa utawaha material.
"Iya bener ana kedadénan kuwé. Kronologiné Mu'arif kiyé teka maring umahé Dzita karo nggawa sa gendul bénsin sing wis disiramna separo nang umahé Dzita," jaréné. (*)