Critané Sopir Trévél Gawa Penumpang Mudik Seka Karawang-Tegal Lolos Penyekatan

Konten Media Partner
8 Mei 2021 18:47 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Suasana perjalanan Karawang-Tegal yang diprotret dari mobil travel asal Tegal. (Foto: Istimewa)
zoom-in-whitePerbesar
Suasana perjalanan Karawang-Tegal yang diprotret dari mobil travel asal Tegal. (Foto: Istimewa)
ADVERTISEMENT
TEGAL — Kebijakan larangaan mudik Badanan daning pemréntah wis kanggo mulai dima Kemis (6/5/2021). Senajan kaya kuwé, larangan belih nyurutna niaté supir trével nggo ngunjali wong mudik seka perantoan anjog maring kampung halamané.
ADVERTISEMENT
Kaya sing dilakoni supir trével seka Tegal kiyé. Akalen penyekatan wis ditrapna nang tanggal kuwé molai jam rolas bengi, tapi dhéwéké bisa ngunjali wong mudik seka Karawang, Jawa Barat.
Dhéwéké sing mangkat dina Rebo bengi jam sepuluh, lolos penyekatan lan anjog Tegal jam enem ésuk.
"Mau bengi wayah arah balik kampung kuwé nganggo jalur kota seka Karawang anjog maring Tegal ésuk. Alhamdulillah ora nemu penyekatan. Kebeneran dhéwék nganggo jalur alternatif tapi ésih wilayah kota," terangé salah siji supir trével sing arané André, dina Kemis (6/5/2021).
Jaréné, jalur sing dilewatiné pas kuwé rada ramé. Kaya bengi-bengi sadurungé ana larangan mudik.
Dhéwéké ngaku perjalanan bengi sadurungé sempet dicegat lan diudag-udag polisi. Dhéwéké ya akhiré umpetan nang tempat sing aman lan lolos.
ADVERTISEMENT
"Angger mau bengi nyong uga ana rasa wedi. Kuwatir dicegat maning lan diputer balik. Tapi dhéwék bismillah baé, wong dhéwék luruh duwit  halal ikih," terangé.
Soal ditetepna larangan mudik kiyé, André durung ngarti apa pan tetep ngunjali wong mudik maning apa ora.
"Ngileng situasi disit, sing dadi masalah kuwé penumpangé pada mbatalna nggo disusul soalé ana larangan mudik. Dadi ngileng situasi disit," jaréné.
Biasané sadurungé mutusna mudik, jaréné, penumpang pan takon apa mengko bisa lolos apa ora. Penumpang milih mobil trével soalé sing ngarti dalan tikus.
"Penumpang wis disarankna nggo nggawa surat keséhatan, uga ana penumpang sing nggawa hasil swab. Kebeneran penumpang sing digawa dina Kiyé akéhé kuwé nyambut gawe dadi pembantu nang kota," jaréné.
ADVERTISEMENT
Hal sing padha diungkapna daning supir trével liyané, Anton. Akalen sempet kuwatir dicegat, dhéwéké akhiré nékad ngunjal wong mudik lan lolos.
"Alhamdulillah ora nemu penyekatan. Senajan nganggo dalan kota karo muter luwih adoh," jaréné. (*)