Dagangané Diborong Polisi Nganti Enték, Bakul Bakso nang Brebes Bungah Nemen

Konten Media Partner
25 Juli 2021 15:54 WIB
·
waktu baca 3 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Polisi mborong dagangane penjual bakso keliling nang Brebes. (Foto: Fajar Eko)
zoom-in-whitePerbesar
Polisi mborong dagangane penjual bakso keliling nang Brebes. (Foto: Fajar Eko)
ADVERTISEMENT
BENGI KUWÉ, dina Jemuah (23/7/2021), jam wis nudukna jam sanga luwih séket pitu menit. Dlanggungan katon ombér, mung ana pirang kendaraan lan warga sing nglinter. Mansyur (34) bakul bakso nang Brebes ider lagi mandeg sadelat nang ngarep lontrong dalan karo ngarep-arep ana sing tuku.
ADVERTISEMENT
Dhéwéké kanda kebijakan PPKM Darurat duwé dampak nemen nggo dhéwéké. Dadi bakul panganan ider, kebijakan kuwé nggawé omzét dodolané mlorod nemen.
"Sajegé pageblug kiyé pancén penghasilané mlorod nemen. Tapi, nyong sukur pak ésih bisa dodolan. Hasil piraha disyukuri baé, soalé kiyé rejeki ya," omongé Mansyur wayah lagi dodolan nang gili gedhé Pebatan, Wanasari, Brebes.
Dhéwéké ya nyampékna matur nuwun maring polisi sing mborong bakso dagangané nganti enték. Bengi kuwé, dhéwékée akhiré bisa balik maring umah luwih cepet.
"Alhamdulillah, matur nuwun pak, nyong langsung balik lubar kiyé, pangapurané ya pak," omongé Mansyur maring Kapolrés Brebes AKBP Faisal Febrianto.
Saliyané dagangané diborong, Mansyur lan bakul-bakul kaki lima liyané uga olih bantuan sosial sing rupané pakét beras.
ADVERTISEMENT
"Sadurungé pageblug dodolan ider seka awan balik ora nganti bengi nemen. Saiki balik nganti bengi tapi bakso ésih ana," omongé.
Jaréné Kapolrés, Kebijakan PPKM kiyé nggo ngurangi pergerakané warga. Tapi pihaké nglakoni aksi simpatik merga dhéwéké bakul-bakul sing keimbas pageblug Corona.
Dhéwéké nambahi, sadurungé mudun nggo patroli maring lapangan, pihaké nganakna apél bengi gabungan karo skala gedhé nang Mapolrés Brebes. Apél kuwé nggo njaga kondusifitas wilayahé Kabupatén Brebes.
"Nggo kegiatan patroli skala gedhé sing pan dilakoni yakuwé nggo ngindangi anané gangguan kamtibmas nang wayah PPKM Darurat," omongé Faisal Febrianto.
Sawisé apél gabungan, Kapolrés bareng karo Dandim Létkol Armed Mohamad Haikal Sofyan lan Kasatpol PP Supriadi, nyusuri sadawané jalur protokol nang Brebes kota nyambi mbagikna atusan pakét sembako maring masarakat lan bakul-bakul sing keimbas pageblug Corona.
ADVERTISEMENT
"Neng acara kegiatan patroli skala gedhé kiyé, tetep dhéwék mengarepna pendekatan humanis maring masarakat ébén aja kosih ana gésékan," jelasé.
Latané laka cara-cara kasar soalé masarakat wis cukup suwé ngadepi pageblug. Mugané diarep-arep masarakat krasa aman karo tekané petugas.
Lah, angger nggo mbagikna bantuan sosial seka pemréntah maring masarakat sing keimbas pageblug, yakuwé instruksi seka Kapolri karo jajarané dadi nggo ngréwangi ébén ékonominé masarakat pulih maning. "Tujuané nggo ngénténgna beban masarakat nang wayah diberlakuknané PPKM Darurat saiki," jaré Kapolrés.
Wayah patroli, Kapolrés bareng karo TNI lan Satpol PP uga nyosialisasikna maring bakul-bakul ngenani aturan operasional kegiatan perékonomian sing diatur sajroné PPKM Lével 4 utawa PP Darurat saiki. Yakuwé wates bakul-bakul beroperasi mung nganti jam sanga bengi, nggo ngurangi pergerakané lan ngadohi rumbengan.
ADVERTISEMENT
Sementara kuwé, seka pantauan nang lapangan, saparo gedhé wong dagang wis tutup lan ana saparo liyané sing répot madahi barang dagangané
"Dhéwék ngandani masarakat nggo tetep nuruti Prokes ketat. Monggo dodolan lan aktivitas kaya biasa. Ngindari rumbengan lan wajib nganggo masker," pungkasé. (*)