news-card-video
Jakarta
imsak
subuh
terbit
dzuhur
ashar
maghrib
isya

Dermaga Apung nang PAI Tegal Tetep Pan Dipindah maring Polder Bayeman

Konten Media Partner
10 Januari 2021 12:07 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Material Dermaga Apung wis dipindahi maring Polder Banyeman.
zoom-in-whitePerbesar
Material Dermaga Apung wis dipindahi maring Polder Banyeman.
ADVERTISEMENT
TEGAL — Senajan ora disetujuni Komisi III DPRD Kota Tegal, Dinas Pemuda Olahraga dan Pariwisata (Disporapar) tetep mindahna dermaga apung maring Polder Bayeman nang Kelurahan Kaligangsa, Kecamatan Margadana, Kota Tegal.
ADVERTISEMENT
Kepala Disporapar Kota Tegal, Cucuk Daryanto, metung Kepala Bidang Pariwisata, Maman Abdurahman, ngomong sesuai karo instruksi Wali Kota, dermaga apung dipindah maring Polder Bayeman soalé lokasiné luwih pas.
"Wis molai diangkut sajegé wingi (Kemis). Titik-titiké uga wis ditentukna. Mengkoné lubar dipasang pan dikelola Pokdarwis nang ngingsoréng pengawasan Dinas Perkim lan DLH," omongé Maman, wayah dibéll PanturaPost, dina Jemuah (8/1/2021).
Dhéwéké nyampékna, bakalé anané dermaga apung tetep diproyéksikna maning nang PAI karo material sing sejen utawa luwih kuwat nahan kuwaté ombak. "Omongé Pak Wali mengko dermaga apung tetep pan ana nang PAI karo material sing luwih kuwat nahan ombak," jaréné.
Nanggepi hal kuwé, Ketua Komisi III DPRD Édy Suripno nyayangna langkah Pemkot Tegal kuwé. Diomongna neng kono, perencanaan pembangunan Pemkot neng persoalan kuwé ringkih.
ADVERTISEMENT
"Rencana dipindahnané dermaga apung sejatiné perlu dipertimbangna maning daning Wali Kota. Wayah tetep dipindahna nudukna perencanaan pembangunan lemah, lan kiyé ora apik neng sistem pengembangan daérah," omongé Edy, nang Gedung DPRD, dina Jemuah (8/1/2021).
Jaréné, proyék dermaga apung sanilé Rp 2,5 miliar sejatiné tetep kudu ana nang objék wisata Pantai Alam Indah (PAI). Umpamané, dipasang ulang sawisé nglakoni évaluasi sing luwih jelas. Salah sijiné karo dibagi maring desain sing luwih cilik seka sadurungé.
"Dermaga apung nang PAI mauné wis ditentukna output lan outcome-né jelas. Ari, dermaga apung kiye nggo nambahi destinasi wisata nang PAI nggo ndongkrak pemasukan," jaréné.
Saliyané kuwé, karo dipindahna maring polder pan ana ganti pertanggungjawaban. Nang endi wayah nang PAI dadi kewenangan Disporapar, lah angger nang polder ana nang Dinas Perkim.
ADVERTISEMENT
"Migrasi penganggaran kaya kiyé seka sudut pertanggungjawaban uga pan nimbulna masalah," omongé wong lanang sing akrab diaruh-aruhi Uyip kiyé.
Saliyané kuwé, ana hal séjén sing kudu dadi pertimbangan Pemkot Tegal. Umpamané soal keamanan pengunjung dermaga pas wis dipasang nang polder.
"Nang PAI sing jeroné mung sekitareng 1,2 meter, lah nang polder tekan 3,5 méter. Mugane nrawasna nemen pengunjung kalané kedadén apa-apa," jaréné.
"Apamaning durung ana petugas pengawas. Kaya nang PAI sing wis ana petugas keamanan pantai. Hal kiyé sejatiné perlu dipahami Wali Kota nggo ora maksakna dermaga apung nang polder," tambahé.
Kaya dingerténi, dipindahé dermaga apung seka PAI maring Polder Bayeman yakuwé merga proyék sanilé Rp 2,5 miliar sing mbené kepasang kuwé bodhol dihampad ombak nang awal wulan Désember 2020 wingi. (*)
ADVERTISEMENT