Dinyana Gara-gara Limbah Tekstil, Ewonan Iwak nang Pekalongan Mati

Konten Media Partner
3 Maret 2021 19:32 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Ewonan iwak nang Kali Sengkarang, Désa Sipacar, Kecamatan Tirto, Kabupatén Pekalongan pada mati ndadak.
zoom-in-whitePerbesar
Ewonan iwak nang Kali Sengkarang, Désa Sipacar, Kecamatan Tirto, Kabupatén Pekalongan pada mati ndadak.
ADVERTISEMENT
PEKALONGAN — Ewonan iwak nang Kali Sengkarang, Désa Sipacar, Kecamatan Tirto, Kabupatén Pekalongan pada mati ndadak wis pirang dinahan kiyé. Dinyana, éwonan iwak kuwé mati gara-gara kecemar limbah tekstil.
ADVERTISEMENT
Warga akhiré pada kerigan nggo mbresihna éwonan batang iwak, ébén ora nyumpel maring kompa banyu utawané maring saluran banyu. Muhamad Wahyu Kurniawan (36) warga kononé, ngomong kedadénan kuwé sabeneré wis ana awit pirang dinahan kiyé. Warga uga wis pada kerigan mbresihna batang iwak ébén ora nyumpeli saluran banyu.
"Wis sekitar patang dinahan. Angger pucuké tah wingi dina Senén, akéh nemen batang iwak nang kéné," jaréné, dina Slasa (2/3/2021).
Seka éwonan iwak sing mati ndadak kuwé ana pirang-pirang macem werna. Molai seka nila, wader, utawané iwak keting. Éwonan iwak kuwé mati nang muara Kali Sengkarang, sadurungé nuju maring Kali Pencongan.
"Ya kompa banyu sing biasa dienggo nggo milikna banyu kali kononé maring Kali Pencongan sempet kesumpel soalé iwak sing mati akéh nemen, éwonan," ungkapé.
ADVERTISEMENT
Jaréné, éwonan iwak kuwé mati sawisé banjir. Malah, warga ngomong éwonan iwak mati disebabna gara-gara keracunan seka limbah bahaya sing dimaha diguwang maring kali. Belih mung kuwé, ana pirang sumur ndéké warga uga dinyana mélu kecemar.
"Kiyé kayané tah gara-gara limbah industri pencucian jeans toli ana batik sing teka seka hulu. Saliyané kuwé, sumur warga sing perek karo kali uga mambuné kaya batang," jaréné.
Warga dhéwék bareng karo pihak désa, wis ngadukna maring wong sing pada duwé usaha. Angger ora diperhatikna, jaré dhéwéké, mengko saluran pembuangan limbah pan ditutup paksa daning warga.
Sementara kuwé, Kapolsék Tirto, AKP Suparmono, ngakoni wis nampa laporan seka masarakat kekait akéhé iwak sing mati ndadak nang kali kuwé.
ADVERTISEMENT
"Dhéwék pan mudun maring lapangan lan nylidiki kasus kiyé. Dadi ésih dhéwék tangani, keningapa éwonan iwak mati," jelasé. (*)