Dinyana Lagi Mesum nang Kolam Musala, Bocah Lanang Wadon Digrebeg Warga

Konten Media Partner
19 Oktober 2021 20:24 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Lawang WC kondisine dikunci, jebule ana bocah lanang wadon nang njerone.
zoom-in-whitePerbesar
Lawang WC kondisine dikunci, jebule ana bocah lanang wadon nang njerone.
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
KOTA PEKALONGAN — Bocah lanang wadon nang ngingsor umur digrebeg warga gara-gara mesum nang kolam musala sing ana nang Kelurahan Medono, Kota Pekalongan. Kedadénan kuwé gawé gégér merga videoné nyebar nang média sosial.
ADVERTISEMENT
Marbot musala sing arané Nurrohman, ngomong kedadénan kuwé kedadénan pas lagi dina Ahad (17/10) awan. Kedadénan kuwé pertama pisan dingerténi daning kuli bangunan sing weruh ana bocah lanang wadon sing manjing genténan maring njero musala.
"Si kuli bangunan kiyé mauné ora curiga pan nglakoni kaya kuwé soalé dhéwéké kira bocah kuwé pan sembayang," jaréné.
Latané, Nurrohman nglanjutna, si kuli bangunan kuwé manjing maring musala soalé pan sembayang. Tapi sadurungé kuwé, dhéwéké maring wc musala soalé pan nguyuh. Wayah anjog nang kolam ngileng lawang kondisiné kekunci.
Si kuli bangunan ya curiga soalé nang njero musala laka wong, padahal sadurungé weruh ana bocah lanang wadon sing manjing genténan maring njero musala.
Soalé curiga, si kuli bangunan kuwé latané méin ngarti batiré sing arané Jefri lan langsung ngecék. Sawisé nyoba ping kopang-kaping ndodog lawang, tapi ora metu uga.
ADVERTISEMENT
"Nah sawisé saksi Jefri manjat maring ndhuwur lawang, jebulé bener sepasang bocah kuwé ana nang njero kolam. Lan jaréné sa bocah kiyé wis nguculi klambi," omongé.
Barang kaya kuwé, bocah loro kuwé ya digawa maring njero musala nggo ditakoni. Warga ya pada teka lan ngileng kedadénan kuwé. Latané warga nyerahna sepasang bocah kuwé maring marbot musala.
"Soalé nyong kenal karo si bocah lanang kuwé, nyong langsung ater balik lan diserahna maring wong tuwané. Tapi barang kaya kuwé jebule si bocah wadon wis lunga," jaréné.
Sementara kuwé, Kapolsek Pekalongan Barat, Kompol Willer Napitupulu, nyebut kedadénan kuwé dudu perbuatan mesum soalé saksi ora weruh kedadénan kuwé.
"Saksi mukur weruh ana bocah loro nang kolam. Daning marbot si bocah kiyé latané diserahna maring wong tuwané," jelasé. (*)
ADVERTISEMENT