Dinyana Listriké Kongslét, Gudang Pakan Ternak nang Brebes Entong Kebakar

Konten Media Partner
1 Agustus 2021 16:47 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Geni katon mrenganga nang gudang toko pakan ternak. (dok. panturapost.com)
zoom-in-whitePerbesar
Geni katon mrenganga nang gudang toko pakan ternak. (dok. panturapost.com)
ADVERTISEMENT
BREBES - Gudang toko pakan ternak mustika sing lokasiné nang Jalur Pantura Dalan Pangéran Diponegoro Kabupaten Brebes entong prontong dipangan geni, dina Sabtu (31/7/2021) bengi. Tapi, untung baé kedadénan kuwé ora mangan korban.
ADVERTISEMENT
Kedadénan kuwé, latané nggawé wong-wong pada gégér. Wong sing pada nglinter uga mandeg lan motoni utawa midio kobongan kuwé nganggo HaPé.
Informasi sing diolihi daning PanturaPost nyebutna, peristiwa kuwé kedadén sekitaréng jam pitu bengi. Geni pertama pisan nongol pas nang mburi toko "Métro". Wayah kedadénan, udan nembé baé terang.
Warga sing weruh kobaran geni selot gedhé merga diobat-abit barat latané nglapor maring petugas pemadam kebakaran. Ora let suwé, limang mobil blangwir lan siji water canon ndéké Polrés Brebes diuduna nggo nyirepna geni.
Sekitar sajam, petugas damkar, TNI, lan Polisi Brebes akhiré bisa nyirepna geni. Petugas sempet kangélan nyirepna lokasi kobongan, gara-gara dalan sing nggo manjing maring mburi gudang kuwé ciut.
ADVERTISEMENT
Jaré keterangan seka bapané sing duwé gudang, Kristianto, bangunan sing kekobong yakuwé gudang sing nggo ndokon pakan ternak ayam. Wayah kedadénan laka kegiatan apabaé nang njero gudang.
"Bangunan sing kekobong kiyé nggo gudang pakan ternak ayam tok. Angger toko ana nang sabrang dalan. Tunané ya sekitar Rp 150 jutanan," jaré Kristianto.
Sementara kuwé, jaré Kasi Pemadam Kebakaran (Damkar) Krisyanto njelasna, sing nggawé kobongan dinyana merga listik nang nggon mburi gudang kongslét. Geni selot gedhé sawisé ngobong kayu plapon bangunan.
"Blangwir lima dhéwék udunna nggo nyirepna kobongan dina kiyé, loro nang antarané bantuan seka Damkar Kota Tegal. Toli 1 mobil water canon seka Polrés Brebes mélu ngréwangi nyirepna geni," jaré Krisyanto. (*)
ADVERTISEMENT