Dinyana Mangan Duit Desa Rp 101 Juta, Lurah nang Brebes Ditahan

Konten Media Partner
16 Desember 2021 20:07 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
 DFS akhire nganggo rompi oranye sawise diperiksa nang Kejari Brebes. (dok panturapost)
zoom-in-whitePerbesar
DFS akhire nganggo rompi oranye sawise diperiksa nang Kejari Brebes. (dok panturapost)
ADVERTISEMENT
BREBES — Kejaksaan Negeri (Kejari) Kabupatén Brebes nahan Lurah utawa Kepala Désa Bangsri Kecamatan Bulakamba, Brebes sing inisialé DFS. DFS ditahan sawisé penyidik mriksa DFS, dina Jemuah (10/12/2021) minggu wingi. DFS dinyana mangan Dana Désa (DD) neng taun 2019. Akibaté, negara diperkirakna rugi sekitar Rp 101 juta.
ADVERTISEMENT
Kepala Kejaksaan Negeri (Kajari) Brebes Mernawati metung Kasipidsus Naseh ngomong, DFS disangkakna Pasal 2 Ayat (1) Jo. Pasal 18 Undang-undang Nomer 20 Taun 2001 ngenani Perubahan Atas undang-undang Nomer 31 Taun 1999 ngenani Pemberantasan Tindak Pidana Korupsi. Uga Pasal 3 Jo. Pasal 18 Undang-undang Nomer 20 Taun 2001 Tentang Perubahan Atas Undang-undang Nomer 31 Taun 1999 Ngenani Pemberantasan Tindak Pidana Korupsi.
"Sajroné prosés pemeriksaan DFS didampingi daning penaséhat hukumé," omongé Naseh, dina Slasa (14/12/2021).
Dhéwéké nerangna, keungkapé kasus kiyé awalé seka aduan masarakat maring Kejari. Sawisé dilakoni penyelidikan lan penyidikan, perkiraan tindak pidana korupsi sing dilakoni DFS nggawé tuna negara tekan total Rp 101.820.000.
Rinciané, anggaran kegiatan Sistem Informasi Pembangunan Berbasis Masyarakat (SIPBM) segedhé Rp 62.174.000 lan anggaran kegiatan Pelatihan Ms Office nggo Perangkat Désa segedhé Rp 22.646.000. Latané sisa anggaran nggo tuku mobil siaga segedhé Rp 17.000.000, sing donge nggo biaya modifikasi mobil siaga.
ADVERTISEMENT
"Nggo tuna negara kuwé, nganggo dasar hasil perhitungan seka inspéktorat seka telu kegiatan désa. Dhéwék uga wis mriksa 15 saksi lan siji saksi ahli," tuturé.
Nggo alesan nahan DFS, jaréné, merga dikuwatirna tersangka minggat, ngrusak utawa ngilangna barang bukti, lan mbaléni tindak pidanané.
"Wingi dina Senén (13/12/2021) berkas wis dhéwék limpahna maring Pengadilan Negeri Tipikor Semarang. Saiki ngenténi jadwal nggo disidangna. Tersangka saiki dhéwék titipna nang Lapas Brebes," ungkapé.
Sementara kuwé, Kuasa Hukum DFS, Akhmad Torikhin, nyebut angger laka tuna negara sing ditimbulna merga kasus kiyé. "Jaréné nyong sabeneré tuna negara laka. Kuwé kegiatan désa sing kari wis dilakoni, wis dinéin waktu inspéktorat rong wulan tapi ora dilaksanakna," omongé Torikhin.
ADVERTISEMENT
Tapi kaya kuwé, jaréné, kliéné kuwé mbéné nglakoni kegiatan kuwé sawisé sa wulan selanjuté. "Sawisé dilaksanakna kegiatan sing kari kuwé, tapi ora nglaporna maring inspéktorat, mukur kegiatané séjén lokasi, nganggo dasar rapat BPD lan LPM. Dadi kiyé persoalan administrasi lan keterlambatan waktu kegiatan," ungkapé.
Malah, jaréné, pihaké wis ngajukna permohonan penangguhan penahanan maring Kejari Brebes. Senajan kaya kuwé, ngantikan saiki ésih ngenténi jawaban permohonan kuwé. (*)