Dinyana Ngédarna Pil Koplo karo Sabu nang Tegal, Wong Brebes Dicekel Polisi

Konten Media Partner
8 September 2021 18:42 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Pria berinisial AZ (27) dibekuk Polres Tegal Jumat (3/9/2021). (Foto: Irsyam Faiz)
zoom-in-whitePerbesar
Pria berinisial AZ (27) dibekuk Polres Tegal Jumat (3/9/2021). (Foto: Irsyam Faiz)
ADVERTISEMENT
TEGAL — AZ, 27 taun, wong lanang seka Désa Jatirokeh, Kecamatan Songgom, Kabupatén Brebes dicekel Polrés Tegal, dina Jemuah (3/9/2021). Wong kuwé dinyana ngédarna narkoba jenis sabu-sabu karo éwonan pil koplo.
ADVERTISEMENT
Kronologi penangkepan kuwé awalé wayah polisi lagi patroli nang Gili Gedhé Slawi-Jatibarang tepaté nang Désa Dukuhwaru, Kecamatan Dukuhwaru, Kabupatén Tegal. Pas kuwé, polisi weruh gerak-gerik AZ bareng karo kancané katon aneh mbari numpak motor.
Ora let suwé, kancané AZ sempet mudun seka motor lan njukut barang. Merga gerak geriké aneh, polisi langsung nguber keloroné lan berhasil nangkep AZ. Tapi kancané AZ kabur.
Sawisé ngglédah, polisi ngamana rong pakét barang sing masing-masing isiné kristal putih dinyana sabu-sabu. Selanjuté polisi ngglédah umahé AZ nang Désa Jatirokeh. Diolihi maning pakét sabu lan pil Heximer seakéh 5.000 butir.
"Seka hasil glédahan diamana barang bukti sing rupané pakét sabu-sabu seabot 1,04 gram sing kepecah seka pirang-pirang pakét cilik, uga 5.000 butir pil Heximer," ungkapé Triyatno neng siaran pérs sing ditampa daning PanturaPost, dina Slasa (7/9/2021).
ADVERTISEMENT
Lah, nggo tersangka sing kabur ésih lagi diuber daning polisi. "Idéntitasé wis dhéwék kantongi. Saiki tim resnarkoba ésih nguber," tambahé.
Gara-gara kasus kiyé, ke loro tersangka dijerat karo pasal 112 ayat (1) lan utawa pasal 132 ayat (1) UU RI No 35 taun 2009 ngenani Narkotika. Anceman ukumané penjara minimal patang taun lan maksimal rolas taun. (*)