Duit Rp 140 Juta Didokon nang Jok Motor, Ditinggal Sadélat Jebulané Wis Ilang

Konten Media Partner
8 Juni 2021 14:55 WIB
·
waktu baca 1 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Ilustrasi pencurian di jok motor. (Foto: Irsyam Faiz)
zoom-in-whitePerbesar
Ilustrasi pencurian di jok motor. (Foto: Irsyam Faiz)
ADVERTISEMENT
TEGAL — Duwit Rp 140 juta sing nembé dijukut seka bank lan didokon nang ngingsor jok motor pragat dicolong maling. Duit kuwé ndéké Biaz Nuruzjaman, wong Kelurahan Panggung, Kecamatan Tegal Timur
ADVERTISEMENT
Kedadénan kuwé wayah motoré diparkir nang ngarep umahé sing ana nang Dlanggung Mejabung RT 4, RW 12 Panggung dina Jemuah (4/6/2021) sekitar jam papat soré kurang seprapat. Mauné, korban nembé baé njukut duwit seka salah siji bank. Latané balik maring umahé.
"Korban nembé bae njukut duwit nang bank didokon nang ngingsor jok motor. Anjog nang umah ditinggal sedélat manjing, pas metu duwité nang ngingsor jok motor wis ilang," omongé Kepala Satuan Réskrim Polrés Tegal Kota AKP Syuaib Abdullah, dina Senen (7/6/2021).
Syuaib ya negasna angger kedadénan kuwé dudu perampokan bank, kaya sing diarani neng pesen sing nyebar nang grup whatsapp.
"Dadi dudu perampokan bank. Kuwé nyolong biasa. Sing arané perampokan kuwé ana unsur kekerasané. Angger kuwé ora ana," jaré Syuaib.
ADVERTISEMENT
Syuaib nambahi, sinau seka kedadénan kuwé, masarakat dijaluk ngati-ati lan waspada. Aja kosih lalai, ndokon duwit seakéh kuwé nang njero jok motor. (*)