Duit Rp 85 Juta Sing Didokon nang Jok Motor Dekene Wong Brebes Dimaling

Konten Media Partner
4 Juni 2020 20:09 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Uang sebanyak Rp 85 Juta yang disimpan di jok motor raib dibobol maling. (Foto: Fajar Eko)
zoom-in-whitePerbesar
Uang sebanyak Rp 85 Juta yang disimpan di jok motor raib dibobol maling. (Foto: Fajar Eko)
ADVERTISEMENT
BREBES - Nasabah Bank BRI nang Desa Banjar Lor Kecamatan Banjarharjo, Kabupaten Brebes, dina Rebo (3/6/2020), sekitare jam setengah telu sore, kelangan duwit sing nganti Rp 85 juta.
ADVERTISEMENT
Duwit sing nembe dijukut seka Bank kuwe didokon nang jok motor kuwe digarong daning komplotan maling wayah deweke mampir nang warung. Dinyana, pelaku jumlahe luwih seka telung wong sing sadurunge wis ngemati lan ngintili korban wayah njukut duwit nang Bank.
Olih laporan kasus kuwe, tim unit I lan tim Resmob bareng karo tim inafis Satreskrim Polres Brebes langsung gerak maring lokasi kedadenan. Tim gabungan nglakoni olah TKP terus njaluki keterangan maring pirang saksi lan uga maring korban.
"Bener ana kedadenan nggarong duwit. Korbane nasabah Bank. Tim gabungan teka maring lokasi kedadenan nggo nglakoni penyelidikan luwih lanjut," jare Kanit I Satreskrim Polres Brebes Aiptu Titok Ambar Pramono nang lokasi kedadenan.
Nek menurut keterangane korban, jare Titok, pelaku dinyana jumlahe patang wong lan boncengan numpak motor loro. "Pelaku kuwe ngintili korban awit lagi ana nang Bank. Wayah korban lagi mampir nang warung, pelaku kuwe ngaksi mbobol jok motore korban," jelase.
ADVERTISEMENT
Wayah nang warung kuwe, pelakune kuwe apen-apene melu tuku nggo ngalihna perhatiane korban. Latane, wayah korban nglenger utawa lengah, pelaku sing liyane mbobol jok motore korban sing nang jerone isine duwit. "Dongakna nyong pada, eben kasus kiye gagiyan keungkap," imbuhe.
Sementara korban, Dadang ngaku sempet curiga, ana motor loro sing ngintili seka mburi. "Wayah nyong mampir maring warung, ana pirang wong sing nganggo motor loro uga melu mudun. Sekitar telungpuluh (30) menit nyong nang warung kuwe. Curigane nyong, deneng wong-wong kuwe koh melu-mudun," omonge Dadang.
Deweke njelasna, ari duwit sing gedhene Rp 85 juta kuwe pan dienggo nggo transaksi agen BRI link. "Duwit kuwe, rencanane ngesuk pan dienggo nggo transaksi Brilink," pungkase. (*)
ADVERTISEMENT
***
*kumparanDerma membuka campaign crowdfunding untuk bantu pencegahan penyebaran corona virus. Yuk, bantu donasi sekarang!