Durung Inkrah, Kejari Tegal Durung Gelem Nrima Denda sing Dibayar Wasmad

Konten Media Partner
15 Januari 2021 21:06 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Terpidana kasus dangdutan Wasmad Edi Susilo menyambangi kantor Kejaksaan Negeri Tegal untuk membayar denda, Kamis (14/1/2021). (Foto: Istimewa)
zoom-in-whitePerbesar
Terpidana kasus dangdutan Wasmad Edi Susilo menyambangi kantor Kejaksaan Negeri Tegal untuk membayar denda, Kamis (14/1/2021). (Foto: Istimewa)
ADVERTISEMENT
TEGAL — Wasmad Édi Susilo, teka maring Kantor Kejaksaan Negeri (Kejari), dina Kemis (14/1/2021). Ketekanan Wakil Ketua DPRD Kota Tegal kuwé nggo mbayarna denda séket juta kaya neng amar putusan majelis hakim.
ADVERTISEMENT
"Iya mas (bener)," omongé Wasmad, wayah dijaluki konfirmasi, dina Kemis (14/1/2021).
Wasmad ngungkapna, sawisé ditibani vonis, dina Slasa (12/1/2020), dhéwéké akhiré nyatakna nrima putusan majelis hakim. Senajan mauné dhéwéké nyatakna pikir-pikir merga anané putusan majelis hakim yakuwé divonis nem wulan penjara denda séket juta subsider telung wulan karo masa percobaan sa taun.
"Insya Allah kuwé wis putusan sing paling apik ya. Mugané mau nyong siap nggo ngrampungna kekait denda," pungkasé.
Kepala Seksi Inteligen Kejaksaan Negeri Tegal Ali Mukhtar ngomong, pihaké durung bisa nampa bayaran denda. Pasalé durung duwé kekuatan hukum tetep (inkrah).
"Pan bayar denda, tapi putusané durung inkracht, ésih pikir-pikir. Dadi kejaksaan durung gelem nampa dendané," omongé Ali.
ADVERTISEMENT
Ali ngomong, denda mbené bisa dibayarna angger putusan hukum wis inkrah. Utawa ke loro welah pihak, terpidana utawané Jaksa Penuntut Umum (JPU) wis nrima putusan sawisé pitung dina waktu pikir-pikir sawisé diwacaknané vonis hakim, dina Slasa (12/1/2021) wingi.
Dibritakna sadurungé, Wasmad Édi Susilo, Wakil Ketua DPRD Kota Tegal, akhiré nglakoni sidang putusan, dina Slasa (16/1/2021) nang Pengadilan Negeri (PN) Tegal. Neng kesempatan kuwé, majelis hakim nibakna ukuman nem wulan penjara lan denda séket juta subsider telung wulan karo masa percobaan sa taun maring Wasmad.
Ketua Majelis Hakim Toetik Érnawati, nyatakna Wasmad wis kebukti nganggo cara sah lan ngyakinkena nglakoni tindak pidana Kekarantinaan Kesehatan lan ora nuruti préntahé pejabat sing sah.
ADVERTISEMENT
"Nibakna pidana penjara sasuwénéng nem wulan karo denda séket juta karo ketentuan denda ora dibayar dadiné diganti pidana kurungan lawasé telung wulan," omongé Toetik neng amar putusané.
"Netepna pidana kuwé ora susah dilakoni jabah angger mbésuk-mbésuk ana putusan majelis hakim sing nentukna séjén disebabna soalé terpidana nglakoni tindak pidana sadurungé masa percobaan sasuwénéng sa taunan kiyé," lanjuté Toetik, dibatiri hakim anggota Paluko Hutagalung lan Fatarony.
Wasmad dinyatakna kebukti nglanggar Pasal 93 UU. No. 6 Taun 2018 ngenani Kekarantinaan Kesehatan lan Pasal 216 ayat (1) KUHP. Musababé, gara-gara nganakna dangdutan wayah hajatané pas lagi tanggal 23 September 2020.
Lubar ngringokna vonis, Wasmad Édi Susilo nyatakna pikir-pikir. Pada baé karo Jaksa Penuntut Umum (JPU) wayah ditakoni majelis hakim.
ADVERTISEMENT
Vonis majelis hakim luwih dhuwur seka tuntutan JPU sing disampékna nang sidang sadurungé lagi dina Slasa (5/1/2021) wingi. Pas kuwé, JPU nuntut Wakil Ketua DPRD Kota Tegal Wasmad Édi Susilo patang wulan penjara karo masa percobaan sa taun lan denda rongpuluh juta subsider rong wulan penjara. (*)