Durung Jelas, Kluwarga ABK Tegal sing Dipaténi nang Kapal Taiwan Njaluk Keadilan

Konten Media Partner
2 Mei 2021 21:53 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Kluwarga almarhum Supriyanto kiye nuntut keadilan.
zoom-in-whitePerbesar
Kluwarga almarhum Supriyanto kiye nuntut keadilan.
ADVERTISEMENT
TEGAL — Kluwargané almarhum Supriyanto, anak buah kapal (ABK) seka Slawi, Kabupaten Tegal sing dadi korban perbudakan nang kapal Taiwan nuntut keadilan. Padahal, kasus kuwé kedadén wis tetaunan lawasé.
ADVERTISEMENT
Nggo informasi, peristiwa kuwé kedadén nang pertengahan taun 2015. Supriyanto pas kuwé dianiaya ngantikan mati daning kaptén lan téknisi nang kapal tempat dhéwéké nyambut gawé.
Vidio kondisi terakhiré wayah ésih urip sempet viral nang média sosial. Rainé benjut, awaké susut. Malah, pihak kluwarga ora bisa ngileng kondisiné jenazah Supriyanto wayah teka nang Slawi.
Rusmiyati, 49 taun, adhiné almarhum Supriyanto, ngaku ngantikan saiki durung olih kejelasan ngenani status hukum kasus sing ngrenggut nyawa kakangé kuwé.
"Nganti saiki durung ana kabar maning. Terakhir sih jaréné disidang maning tapi hasilé kayang apa durung ngarti," omongé Rusmiyanti, dina Jemuah (30/4/2021).
Hal sing padha uga disampékna daning anak mbarepé Supriyanto, Muh Dimas Aman Hakim, 16 taun. Dimas ngaku, senajan kedadénan kuwé wis 6 taun liwat, dhéwéké durung bisa nrima ninggalé bapané.
ADVERTISEMENT
"Rasané nyong ésih ora bisa trima bapané nyong diperlakukna kaya kuwé. Muga-muga pelaku bisa diukum seabot-aboté," omongé.
Jaréné Dimas, gara-gara peristiwa kuwé, adhiné, Muh Subur Makmun, 14 taun, sekolané kudu mandeg. Ngantikan saiki, Subur sing dongé manjing maring SMP kuwé ésih durung pan sekola.
Sementara kuwé, jaréné aktivis buruh migran sing ndampingi kasus kiyé, Jamaludin Suryahadikusuma, kabar terakhir sidang kasus kuwé diadakna nang wulan Désémber 2019. Pas kuwé agendané pemeriksaan saksi.
"Nyong malah teka langsung maring Pengadilan Pingtung, Taiwan karo biayané dhéwék. Pas kuwé didampingi ana pirang aktivis seka LSM buruh migran nang kana," jaréné.
Tapi, sajegé Pageblug Corona, kabar soal prosés hukum kasus kuwé durung jelas. Jamal ngaku wis usaha luruh ngarti, tapi durung nemu hasilé.
ADVERTISEMENT
"Dhéwék wis takon-takon maring jaringan LSM nang kana durung ana kabar. Malah dhéwék uga sempet takon maring KDEI (Kantor Dagang dan Ékonomi Indonesia) nang kana durung ditanggepi," jaréné.
Dhéwéké ya ngarep-arep maring otoritas Taiwan nggo bisa nutugna prosés hukum maring pelaku sing nganiaya almarhum Supriyanto. "Seka pihak kluwarga mung ngarep-arep pelaku bisa diukum seadil-adilé," pungkasé. (*)