Durung Olih Bantuan Kon pada Teka Maring Balé Désa, Aja Malah Curhat nang Medsos

Konten Media Partner
22 November 2020 22:13 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Durung Olih Bantuan Kon pada Teka Maring Balé Désa, Aja Malah Curhat nang Medsos
zoom-in-whitePerbesar
ADVERTISEMENT
PEMALANG — Mentri Sosial (Mensos) Juliari P. Batubara njaluk masarakat ora curhat maring media sosial (medsos) angger durung olih Bantuan Sosial Tunai (BST). Pernyataan kuwé disampékna wayah ngileng disalurnané BST nang Kantor Pos sing ana nang Kecamatan Taman, Kabupatén Pemalang, dina Jemuah (20/11).
ADVERTISEMENT
"Aja ngomong neng media sosial, tapi teka o maring kantor désa, kantor kecamatan. Laporna ari nyong durung olih bantuan. Dhéwék pastikna pan diladéni, " jaréné.
Dhéwéké njaluk masarakat ora ragu. Soalé, neng dasaré aparat pemréntah, anggota DPR toli pendamping yakuwé pelayan masarakat. "Pejabat publik apa mentri, gubernur, bupati walikota, anggota DPR toli pendamping, yakuwé pelayan masarakat. Dudu masarakat sing nglayani dhéwék. Dadi dhéwék berjuang nggo masarakat," jaréné.
Mensos ngélingna, nyalurna Bansos uga dudu pegawéan sing gampang. Soalé, sawisé Kemensos ngalokasikna kuota bantuan jebulé daérah ora bisa mresepi. "Kabupatén Pemalang yakuwé daérah sing résponsif. Buktine seka kuota penerima bantuan sing diwékena bisa diserap karo apik. Kiyé kabéh tergantung seka keaktifan kepala daerah jeronéng komunikasi karo Kemensos," ungkapé.
ADVERTISEMENT
Neng kunjungan dina kiyé, Mensos ngileng disalurnané BST nang rong lokasi nang Jawa Tengah, yakuwé Kantor Pos Taman, Kecamatan Pemalang, Kabupatén Pemalang, lan nang Kantor Kecamatan Karanganyar, Kabupatén Purbalingga. Neng kesempatan sing padha, Mensos uga kandanan karo pendamping PKH nang rong Kabupatén kuwé.
Maring Keluarga Penerima Manfaat (KPM) sing njagong karo formasi nuruti protokol kesehatan, Mensos Juliari ya nyempetna kandha-kandhanan karo warga nggo ngeduk tekan ngendi manfaat sing dhéwéké rasakna karo bantuan pemréntah.
Jare dhéwéké, BST diwékena maring kluwarga mlarat, ora mampu, lan utawa rentan sing kena dampak wabah COVID-19. Hal kiyé soalé pandemi akehé nggawé masarakat kelangan pegawéan lan ora bisa menuhi kebutuhan dasaré.
"Maring mentri-mentri, Bapak Persidén mréntahna, eben dhéwék sing dadi anak buahé mastikna lawasé pandemi masarakat laka sing kengelihen. Karo BST diarep-arep bisa ngréwangi ningkatna daya tuku masarakat sing keimbas pandemi," jelasé.
ADVERTISEMENT
Nang Kabupatén Pemalang kecatet 38.952 KPM BST nyebar nang 14 kecamatan karo nilé Rp 11.685.600.000/wulan. Sementara nggo Program Sembako/Bantuan Pangan Non Tunai (BPNT) nang Provinsi Jawa Tengah, nyandak 3.431.209 KPM nyebar nang 35 Kabupatén/kota.
"Nggo Pemalang ana 171.684 KPM Program Sembako/BPNT sing nyebar nang 14 kecamatan karo nilé bantuan Rp 34.336.800.000/wulan," pungkasé. (*)