Duwit nang Njero Kotak Amal Masjid Dicolong Maling

Konten Media Partner
6 September 2020 17:20 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Duwit nang Njero Kotak Amal Masjid Dicolong Maling
zoom-in-whitePerbesar
ADVERTISEMENT
PEKALONGAN – Pondok Pesantren (Ponpes) Al Villa Khuzaemah, Desa Gejlik, Kecamatan Kajen Kabupatén Pekalongan, winginané bar kemalingan. HaPé ndéké santri karo duwit nang njero kotak amal melu dicolong. Tapi ndilalah, maling sing ora duwé iman kuwé aksiné konangan daning CCTV.
ADVERTISEMENT
Sangunan rekaman CCTV kuwé, polisi akhiré bisa nangkep pelaku Anang Afrizal alias Isal (30), warga Kecamatan Simpang Papat, Kabupatén Lemah Bumbu, Provinsi Kalimantan Selatan.
Aksi nyolongé kuwé dilakoni nang tanggal 28 Agustus 2020 sekitar jam lima esuk luwihan seprapat. Pelaku sing dingerteni manggon nang kontrakan sing ana nang Désa Nyamok, Kecamatan Kajen, Kabupatén Pekalongan kiyé njukut duwit tunai segedhé Rp 2 juta sing ana nang kotak amal Masjid Al Khuzaémah uga HaPé 5 ndéké santri lan ana pirang barang liyané.
Kapolrés Pekalongan, AKBP Aris Tri Yunarko lewat Kapolsék Iptu Isnovim wayah nggelar press release, dina Kemis (3/9) ngomong, lubar sholat Subuh lan ngaji, salah siji santri, Fuad (18) balik maring asrama nggo ganti klambi.
ADVERTISEMENT
Sawisé manjing maring jero asrama Ponpes, weruh kotak amal ndéké Masjid Al Khuzaémah kuwé keadaané wis pecah, saksi ya latané gemboran ” kotak amal e pecah kye ono seng nyolong”.
“Krungu suara gemborané saksi, santri-santri liyané langsung pada teka lan ngecek maring jero asrama Ponpes lan nemoni ana pirang HaPé ndéké santri ilang,” jaréné.
Sawisé olih laporan, Isnovim, Unit Réskrim Polsék Kajen ya langsung nylidiki nang TKP lan nemokna getih pating cecer nang kotak amal parane maring tundagan nganti maring ngarep Masjid Al Khuzaemah, lan anjog nang ngarep Apotik. Getih kuwé dinyana ndéké pelaku sing kesungga beling kotak amal wayah njukut duwit.
“Nang apotik jebulé ana CCTV. Sawisé dhéwék cek, dhéwék nemu petunjuk ketuduh pelaku sing kerekam CCTV. Latané, dilakoni pendalaman maring wong lanang sing ana nang jero rekaman kuwé lan diidentifikasi parane maring sadulur Anang Afrizal,” ungkapé.
ADVERTISEMENT
Sawisé diolihi identitasé, nang dina Rebo tanggal 02 September 2020, kurang luwih jam siji awan, polisi akhiré bisa nangkep pelakuné. Saliyané kuwé, polisi uga ngamankna barang bukti rupane rupane 5 unit handphone pirang-pirang merk.
Sawisé dipriksani, polisi uga nemoni tangan tengené pelaku ana bekas luka lan sawisé diintrogasi tersangka ngakoni kelakuané.
“Barang bukti sing dhéwék amanna nang antarané 5 HaPe pirang-pirang merek, kotak amal sing digawé seka bahan kaca, 1 klambi hem, 1 katok warna ireng lan 1 lusan listrik. Aksi pencurian kiyé ngakibatna korban ngalami tuna sekitar Rp 8,5 juta,” jelasé.
Nang adepan petugas, Anang ngaku ari dhéwéké njukut duwit sawisé bisa mecahna kaca kotak amal karo nggunakna lusan ndéké santri. Barang kaya kuwé, dhéwéké ya njukut ana pirang HaPé sing lagi dices.
ADVERTISEMENT
“Iya nyong jukut duwit seka kotak amal. Duwité wis nyong enggo nggo tuku beras lan perlu liyané,” ngakuné.
Gara-gara kelakuané, saiki malingé ndekem nang penjara Mapolsék Kajen. Tersangka dijerat pasal 363 ayat 1 ke-3 lan 5e KUHP karo ukuman maksimal 7 taun penjara. (*)