Ében Ora Banjir lan Longsor, Sejuta Wit Kopi Ditandur nang Léréng Gunung Slamet

Konten Media Partner
30 Januari 2021 21:03 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Idza wayah nandur wit sejuta kopi bareng nang Désa Dawuhan Kecamatan Sirampog, Kabupatén Brebes, dina Kemis (28/1/2021).
zoom-in-whitePerbesar
Idza wayah nandur wit sejuta kopi bareng nang Désa Dawuhan Kecamatan Sirampog, Kabupatén Brebes, dina Kemis (28/1/2021).
ADVERTISEMENT
BREBES — Alas nang wilayah hulu léréng Gunung Slamet kondisiné selat bodhol. Dampaké, banjir, longsor lan lemah oyag sokan kedadén ngantikan maring wilayah hilir Brebes.
ADVERTISEMENT
Weruh alasé bodhol, Bupati Brebes Idza Priyanti ngaku prihatin. Mugané dheléwéké ngejak nandur kopi nggo ngubah pola tandur masarakat seka tanduran musiman dadi tanduran taunan.
"Dhéwék kudu ndandani kawasan alas. Utamané alas lindung karo tanduran produksi. Aja nggarap lahan karo tanduran semusim," omongé Idza wayah nandur wit sejuta kopi bareng nang Désa Dawuhan Kecamatan Sirampog, Kabupatén Brebes, dina Kemis (28/1/2021).
Idza ngungkapna, bodholé alas kuwé wis nganti maring kawasan alas lindung. Kecatet, kondisi lahan garapan tanduran semusim ndéké warga saiki ambané tekan 2.198 héktar, lan paling akéh ana nang kawasan alas lindung.
"Karo acara nandur kopi kiyé nyong ngarep-arep, masarakat mélu njaga kawasan alas kiyé dadi daérah resapan banyu," jaréné.
ADVERTISEMENT
Idza ngélingna, wong sing pada nggarap lahan ora merhatikna fungsiné alas lan kelestarian lingkungan malah pan duwé dampak nang bencana alam. Kebukti, fakta nang lapangan masarakat selat aktif pada nggarap lahan karo tanduran semusim.
"Upaya réboisasi lan réhabilitasi kawasan alas wis dilaksanakna nggal taun, tapi mung kuat nganti taun ketelu. Barang kaya kuwé tanduran kehutanan dibodhol maning nggo didadékna lahan nggo nggarap sayuran," ungkapé.
Idza ngileng, kesadarané masarakat maring kelestariané alas selat temurun. Merga kuwé, penghijauan nang léréng Gunung Slamet dilakoni nggo nyegah bencana alam lan mbalakna éksositem alas.
Dhéwéké bareng karo Perhutani KPH Pekalongan Barat lan masarakat, nandur jenis wit produksi yakuwé bibit kopi arabika khas Gayo Acéh.
"Acara tandur kiyé yakuwé pengembangan sekalian peremajaan alas nggo ningkatna kesejahteraan masarakat nang sekitar alas," jaréné.
ADVERTISEMENT
Administratur Kepala Kesatuan Pemangkuan Hutan (KKPH) wilayah Pekalongan Barat, Ir Gunawan Catur HR MP, nambahi, sajegé kedadéné penjarahan alas nang taun 1998-2000, kawasan alas bodholé dadi parah.
Mugané kuwé, ana pirang solusi sing bisa dilakoni. Nang antarané diperlukna sosialisasi lan kebijakan nganggo cara terpadu seka kabéh pihak sing berwenang nggo mbangun kesadarané masarakat ébén bisa paham karo pentingé fungsi lan kelestariané alas.
"Dhéwék pan terus nyurung kerja sama nggo ngelola alas karo sistem perhutanan sosial metung skéma Pengakuan dan Perlindungan Kemitraan Kehutanan (KULIM KK) nang kabéh aréal garapan lahan nang kawasan alas," jaréné.