Ébén Ora Punah, Telungatus Éwu Winih Iwak Disebar nang Kalen, Embung, lan Waduk

Konten Media Partner
25 November 2020 22:12 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Telungatus éwu buntut winih iwak disebarna nang kali nang Kabupatén Tegal. (Foto: Bentar)
zoom-in-whitePerbesar
Telungatus éwu buntut winih iwak disebarna nang kali nang Kabupatén Tegal. (Foto: Bentar)
ADVERTISEMENT
TEGAL — Telungatus éwu buntut winih iwak disebarna nang kali, embung lan waduk sing ana nang Kabupatén Tegal. Kiyé nggo upaya pelestarian sumber daya iwak neng perairan umum darat. Ébén ora punah.
ADVERTISEMENT
Kegiatan kuwé kuwé dilakoni berkat kerja sama antara Dinas Kelautan Perikanan dan Peternakan Kabupatén Tegal (DKPP), Kelompok Masyarakat Pengawas (Pokmaswas) lan Kail Mania Tegal.
Kaya dingerténi, jumlah iwak neng perairan umum darat saiki selat temurun, gara-gara wong pada nyekeli iwak sekarepé déhwék. Termasuk penangkepan iwak karo alat sing dipenging, kaya karo alat setrum utawa obat sing ana racuné.
Kepala Seksi Pemberdayaan Nelayan, Dinas Kelautan Perikanan dan Peternakan Kabupatén Tegal, Imam Sugiarto maring panturapost, dina Slasa (24/11/2020) ngomong, kesadaran masarakat nggo nglestarikna sumberdaya iwak neng perairan kali wis molai tukul.
"Metung peran Pokmaswas utawané komunitas penghobi mancing, mélu uga jeronéng penanggulangan kegiatan destructive fishing," jaréné.
Jaré dhéwéké, kondisi perairan umum nang Kabupatén Tegal perlu olih perhatian. Metung anggaran APBD Kabupatén Tegal, pihaké kepéngin ndadékna kegiatan restocking iwak nang waduk Cacaban, utawané perairan umum daratan liyané (kali, danau, embung, lan liyané) dadi kegiatan rutin taunan.
ADVERTISEMENT
"Kegiatan pelestarian sumber daya iwak neng perairan umum darat, méh nggal taun neng sa taun anggaran. Taun kiyé ana neng anggaran rubah, soalé neng anggaran reguler taun kiyé ana refocusing nggo anggaran COVID-19. Dadi jumlahé sacuil," cetusé.
Sementara kuwé, Ketua Kail Mania Tegal Abdul Manan ngomong, restocking iwak kiyé duwé tujuan nggo nglestarikna habibat iwak nang kali.
"Nggo wilayah sing dhéwék kuwé, restocking iwak utamané nang kali, embung lan waduk sing ana nang wilayah Kabupatén Tegal. Kurang luwih 300 éwonan iwak disebar. Ana iwak Mujaer, Nila lan liyané. Kegiatan kiyé dilaksanakna nggal taun utawa ping pindo neng sa taun," ungkapé.
Jaré dhéwéké, raméné illegal fishing nggawé iwak nang kali lan embung punah angger laka restocking. "Mugané kuwé dhéwék bareng karo élemén masarakat liyané kerja samanan DKPP nganakna kegiatan kiyé. Dhéwék ngarep-arep masarakat ora nglakoni maning illegal fishing nang kali." (*)
ADVERTISEMENT