Enem Umah nang Tegal Entong Kobongan

Konten Media Partner
13 Agustus 2022 19:57 WIB
·
waktu baca 1 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Warga wis usaha nggo nyirepna geni sing ngobong umah nang Dukuh Salam, Slawi, Tegal.
zoom-in-whitePerbesar
Warga wis usaha nggo nyirepna geni sing ngobong umah nang Dukuh Salam, Slawi, Tegal.
ADVERTISEMENT
TEGAL - Kobongan hébat kedadén nang Désa Dukuh Salam RT 2, RW 3, Kecamatan Slawi, Kabupatén Tegal, dina Jemuah (12/8/2022) ésuk.
ADVERTISEMENT
Sacuilé ana enem umah warga entong prontong dipangan geni sing dinyana seka listrik kongslét nang salah siji umahé warga.
“Jaréné saksi-saksi geni muncul sekitar jam setengah loro ésuk,” jaré Kepala Satpol PP Kabupatén Tegal Supriyadi maring wartawan, dina Jemuah (12/8/2022).
Dhéwéké ngungkapna, geni langsung mrémbét maring umah-umah warga. Warga wektu kuwé wis usaha nggo nyirepna geni karo alat seanané nganti ora suwé petugas teka.
“Petugas Damkar teka maring TKP sekitar jam loro, lan langsung nangani,” jaré Supriyadi.
Geni akhiré bisa disirepna sekitar jam lima ésuk. “Nggo tuna ésih neng penyidikan. Sedangé nggo penyebab kobongan dinyana merga listrik kongslét. Ora ana korban jiwa,” pungkasé Andi. (*)