Enggal Taun Baru, Pendaki Seka Luar Kota Wis pada Ndaptar Manjat Gunung Slamet

Konten Media Partner
7 Desember 2020 21:34 WIB
comment
1
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Para pendaki lagi pada nang basecamp ndaftar pendakian.
zoom-in-whitePerbesar
Para pendaki lagi pada nang basecamp ndaftar pendakian.
ADVERTISEMENT
TEGAL — Enggal taun baru, pendaki-pendaki wis ngagendakna manjat gunung Slamet. Wong-wong kuwé pan ngrayakna utawa ngiséni kegiatan taun baru nang pucukéng Gunung Slamet sedhuwur 3428 mpdl kuwé.
ADVERTISEMENT
"Anjog préi Natal lan taun baru wis ana pirang-pirang pendaki sing ngagendakna nggo manjat gunung. Ana sing lewat rombongan karo open tripe malah karo rombongan dhéwék-dhéwék. Pendaki-pendaki wis pada ngebell dhéwék," tuturé pengelola Basecamp Permadi, Ali Burhan, maring PanturaPost, dina Minggu (6/12/2020).
Senajan manjing mangsa rendheng lan wilayah Guci pirang minggu mengarep pan dikridongi pedhut, tapi pendakian terusan ramé. Pantaun PanturaPost.com nang pirang basecamp jalur pendakian kaya Basecamp Bosapala Sawangan, Basecamp Kompak Guci, Basecamp Permadi Guci lan liyané, pendaki-pendaki pada ndaptar.
"Akalén mangsa rendheng lan pedhut tetep ramé. Wayah cuaca kaya kiyé, dhéwék terusan ngélingna pendaki nggo terusan waspada lan njaga kesehatan. Saben pendaki nyong briefing sadurungé manjat," jaré Ali Burhan.
ADVERTISEMENT
Hal sing padha diungkapna anggota basecamp Kompak, Hendri. Dhéwéké ngungkapna, manjat nang dina prei natal lan taun anyar kuwé wis diagendakna pendaki-pendaki seka luar kota. "Tapi, dadi apa orané, kuwé ora ngarti. Soalé saiki cuacané durung kondusif, manjing ungsum udan," jaréné.
Sementara kuwé, pengurus basecamp Bosapala Sawangan, Akhmad Solihul Arifin ngomong, pendakian jalur pucuk Gunung Slamet via Sawangan wis dibuka pirang minggunan wingi. Tapi nggo pendaki sing metung jalur kiyé, diwatesi disit soalé SDM nang posko utawa nang basecamp ésih sacuil.
"Wis kaya kuwé cuaca sing lagi ora ndukung. Rencana minggu ngarep dhéwék buka nggo umum. Nggo sing ngagendakna manjat nang préi natal karo taun baru kuwé, wis ana pendaki sing rencana metung via Sawangan. Yah pendaki wis kontak nggo manjat nang dina préi kuwé." (*)
ADVERTISEMENT