Éwonan Emak-Emak Tumplek Blek Ngunjungi Pengajian Ustadzah Mumpuni nang Brebes

Konten Media Partner
1 Agustus 2022 20:20 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Pengajian umum sing diisi Ustadzah Mumpuni Handayayekti kiyé sesek nemen daning pengunjung.
zoom-in-whitePerbesar
Pengajian umum sing diisi Ustadzah Mumpuni Handayayekti kiyé sesek nemen daning pengunjung.
ADVERTISEMENT
BREBES – Éwonan emak-emak ngunjungi pengajian taunan nang Lapangan Delima Dukuh Mungguhan Désa Winduaji, Kecamatan Paguyangan, Kabupatén Brebes, dina Ahad (31/7/2022). Acara pengajian kiyé dianakna nggo nyambut Tahun Baru Islam 1444 H.
ADVERTISEMENT
Pengajian umum sing diisi Ustadzah Mumpuni Handayayekti kiyé nggawé Lapangan Delima Désa Mungguhan sesek nemen daning pengunjung. Dalané nganti macet merga saking akéhé wong sing péngin pada nggolét ilmu seka ustadzah jebolan aksi Indosiar kiyé.
Pengajian sing suwéné rong jam neng ngingsor panasé srengéngé kuwé dinikmati nemen daning pengunjung. Hal kiyé merga, neng sela-sela matéri sing disampaikna Mumpuni kuwé nyempilna guyon-guyon sing ndadékna wong sing ngrungokna ora bosen.
Neng acara sing digagas daning Ibu-ibu PKK Istiqomah Mungguhan kiyé uga ana santunan nggo bocah yatim. Panitia bisa ngumpulna donasi nganti Rp 76.500.000 sing dibagikna maring 90 bocah yatim piatu sing masing-masing bocah olih Rp 850.000.
Jaré Sutanto, salah siji tokoh pemuda Désa Mungguhan, keberhasilan emak-emak PKK wayah ngumpulna duit seakéh kiyé merga ana keistiqomahan lan amanah sing bener-bener diwujudna.
ADVERTISEMENT
“Dhéwéké babar blas ora ngluwihna duit sepérak acan. Hal kiyé sing nggawé para donatur percaya nganti neng nggal tauné jumlah donatur nambah terus lan donatur sing lawas uga nambah nominal sing didonasikna,” jaréné.
Sutanto nambahi, keberhasilan kiyé uga nunjukna the power of emak-emak. Dhéwéké nyaksikna dhéwék, ibu-ibu kiyé pada réla nabung lan ngumpulna duit nggo dana pengajian ébén duit donasi sing pancén dikumpulna nggo diwékena maring bocah-bocah yatim bener-bener aja nganti dikurangi nggo biaya pengajian.
“Donasi sing kekumpul kabéh diwékena maring bocah-bocah yatim, lan dana pengajiané dhéwék kuwé seka hasil tabungané ibu-ibu,” tuturé.
Sutanto ngarep-arep ébén taun ngarep acara bisa jalan lewih suksés maning lan dana sing kekumpul uga bisa lewih akéh maning. “Suksés terus nggo PKK ISTIQOMAH lan warga Mungguhan, Désa Winduaji,” pungkasé. (*)
ADVERTISEMENT