Ganjar Ngumpulna Tim Peneliti Nggo Mbahas Masalah Vaksin Nusantara

Konten Media Partner
23 April 2021 17:05 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Ganjar Pranowo. (Foto: DOk Humas Pemprov Jateng)
zoom-in-whitePerbesar
Ganjar Pranowo. (Foto: DOk Humas Pemprov Jateng)
ADVERTISEMENT
SEMARANG — Gubernur Jawa Tengah, Ganjar Pranowo, ngundang wong sing mélu neng penelitian Vaksin Nusantara, dina Kemis (22/4/2021). Pertemuan kuwé dianakna ketutup lan kedadén sekitar sa jam.
ADVERTISEMENT
Ganjar ngomong dimaha ngumpulna tim peneliti Vaksin Nusantara nggo mbahas perkembangan vaksin kuwé. Saliyané kuwé, Dhéwéké uga njaluk laporan ketulis kekait pelaksanaan program penelitian.
"Nyong mung kepéngin nakokna, butul endi progrésé. Sawisé wingi berita ramé, terus latané dilanjutna nang RSPAD. Wingi sempet dipéndha, latané nyong takon pergerakané butul endi, nyong njaluk laporan tertulisé," omongé Ganjar.
Maring tim Vaksin Nusantara sing dhéwéké undang kuwé, Ganjar kepéngin ngarti apa sing durung bérés lan apa sing ora bérés. Apa seka sisi kelembagaan, régulasi, métode/métodologi, sampel lan liyané.
"Nyong uga takon hasil sing wis pernah diolihi nang fase pertama, tapi durung bisa dijawab. Muga-muga minggu ngarep wis ana laporané," tegasé.
Ditakoni soal masalah sing diadepi sajroné pengembangan Vaksin Nusantara, Ganjar ngomong ora ngarti. Dhéwéké mung méloni seka pemberitaan sing ana.
ADVERTISEMENT
"Angger masalahé apa, ya nyong ora ngarti. Apa nang ijin, apa nang métode nyong ora ngarti. Malah waktu nyong ndeleng tipi deleng nang berita prosésé dalan maning nang RSPAD, lho berati laka masalah, terus apa sing wingi ramé-ramé," terangé.
Mugané kuwé, dhéwéké ngundang tim peneliti Vaksin Nusantara nggo olihna laporan kuwé. Soalé, Jawa Tengah dadi tempat pengembangan Vaksin Nusantara kuwé, mugané Ganjar krasa duwé kepentingan nggo olihna laporan.
"Dadi nyong kudu ngarti progrésé. Angger ora ngarti mengko kepribén nyong njelasna. Lawasé kiyé kan nyong durung pernah olih laporané, mugané nyong undang ébén bisa olih laporané, péndah ora dadi kontrovérsi lan aja kosih ana nuansa politiké sing malah katon," terangé.
Jaréné, ana pirang persoalan sing kudu gagiyan dirampungna. Apamaning saiki, Indonésia lagi mbutuhna vaksin akéh nggo ngadepi pageblug Corona.
ADVERTISEMENT
"Dhéwék kan lagi butuh vaksin akéh, mugané seka poténsi sing dhéwék bisa sapira sih. Sinau seka kasus India sing saiki, dhéwék kangelan olihna vaksin," pungkasé.
Sementara kuwé, lubar pertemuan pragat, ana pirang tim peneliti Vaksin Nusantara emoh mékena komentar. Wayah ditakoni wong-wong média, dhéwéké pada emoh nanggepi. "Mengko baé," omongé salah siji rombongan. (*)