Gara-gara Diantup Tawon Ndas, Mbah-mbah nang Brebes Kiyé Ninggal Dunia

Konten Media Partner
6 Desember 2021 16:39 WIB
·
waktu baca 1 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Ilustrasi sarang tawon.
zoom-in-whitePerbesar
Ilustrasi sarang tawon.
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
BREBES — Kasum (72) mbah-mbah seka Désa Pakijangan, Kecamatan Bulakamba Kabupatén Brebes nasibé melas nemen. Dhéwéké ninggal dunya lubar diserang lan diantup tawon vespa utawa tawon ndas pas lagi resik-resik kuburan.
ADVERTISEMENT
Komandan Damkar Pos Tanjung Sentot Adi Wahyudin ngomong, informasi sing diolihi seka warga, korban pas lagi dina Saptu (4/12/2021) resik-resik kuburan nang désané. Tapi, sekitar jam telu soré, korban diserang tawon vespa. Ora let suwé, korban krasa kelaranen lan awaké panas.
"Saptu soré, sekitar jam papat soré korban dilaporna ninggal dunya nang umahé. Lan, jenazah wis dikubur dina kiyé," omongé Sentot Adi Wahyudin.
Dhéwéké ya nglaruhi maring masarakat nggo ngati-ati wayah nglinter nang aréa sarang tawon kuwé. Rencanané, Pos Damkar Tanjung pan ngludesna sarang kuwé mengko bengi.
"Sawisé dhéwék survei lokasi kedadénan, mau ana sarang tawon loro. Sing pertama nang jero lingkungan kuburan lan sijiné nang pinggir kuburan," ungkapé.
Sentot ngungkapna, alesan ngludesna sarang tawoné dilakoni bengi-bengi soalé waktuné paling pas. "Angger bengi tawon kumpul nang sarangé, pas kuwé uga dhéwék pan ngludesna," pungkasé. (*)
ADVERTISEMENT