Gara-gara Pageblug Bakul-bakul nang Kota pada Bangkrut, Pindah Maring Desa

Konten Media Partner
16 Januari 2021 18:38 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Potret warga yang kini jualan di kampung, tepatnya di Banjaranya, Kecamatan Balapulang, Kabupaten Tegal. (Foto: Bentar)
zoom-in-whitePerbesar
Potret warga yang kini jualan di kampung, tepatnya di Banjaranya, Kecamatan Balapulang, Kabupaten Tegal. (Foto: Bentar)
ADVERTISEMENT
Wayah pageblug corona, akéh wong dagang sing ngadu nasib nang kota-kota gedhé pada gulung tikar ngantikan ngedol pangkalané. Latané balik kampung lan nglanjutna usahané nang kampung. Kaya sing dialami Agus (29), warga Banjaranyar, Kecamatan Balapulang Kabupatén Tegal.
ADVERTISEMENT
"Mbené telung wulan enyong dodolan nang komplék gili gedhé Banjaranyar. Mauné enyong dodolan pecel lélé nang Kota Tanggerang. Gara-gara pageblug lan diwatesiné waktu dodolan, kepaksa pangkalané enyong adol," tuturé Agus maring PanturaPost, dina Kemis (14/1/2021).
Nang Tanggerang, dhéwéké ngaku wis rong taun dodolan pecel lélé. Wayah pageblug, ana aturan jam bengi. "Dodolan pecel lélé kuwé kan bengi. Jam benginé diwatesi. Dadi sing tuku ya mlorod lan kepaksa kudu tutup soré. Suwé-suwé kondisi duwité mbabyag. Pemasukané mlorod. Lah, nggo séwa lapak lan liyané kudu dibayar. Gara-gara kuwé, pangkalan enyong adol. Akhiré balik lan dodolan nang kampung," omongé.
Hal sing padha uga diungkapna daning Iwan (36) warga Balapulang Kecamatan Balapulang. Dhéwéké ngaku kepaksa pangkalan dagangé sing ana nang Karawang didol. Soalé, penghasilan selot mlorod.
ADVERTISEMENT
"Pangkalan sega goreng nang daérah Karawang wis wolung taun. Tapi saiki wis nyong adol soalé penghasilané selot mlorod. Sabeneré abot rasané ngedol pangkalan sing wis dadi. Tapi gara-gara kebutuhan ékonomi, kepaksa enyong adol," ungkapé Iwan.
Sawisé pangkalané didol, Iwan nglanjutna, saiki dhéwéké ider dodolan bubur ayam maring désa-désa. Angger ésuk ider dodolan bubur lan wayah soré dodolan serabutan.
"Dodolan bubur nang désa-désa kuwé durung karuan pan dawa, ngileng situasiné disit. Angger ngyakinkena dilanjutna. Angger ora, yah cacak dodolan liyané maning. Angger pageblug wis lereb ndéyan dodolan maning nang kota," jaréné.
Hasan (38) warga Balapulang sing nduwéni pangkalan sega goreng nang Karawang uga nglakoni hal sing padha. Ngedol pangkalan lan balik maring kampung.
ADVERTISEMENT
"Penghasilan nang Karawang selot temurun. Apamaning pageblug kiyé wewulanan. Wis kaya kuwé akéh karyawan sing balik kampung lan kos-kosan nang kana wis molai sepi. Waktu sadurungé pageblug, karyawan-karyawan kuwé seneng tuku sega goreng, tapi sawisé pageblug temurun soalé akéh sing balik," tuturé Hasan.
Dhéwéké ngaku pangkalan nang Karawang kepaksa didol nggo nutup utang. Lan saiki dodolan sega goreng nang kampung. Dhéwéké ya nyatakna pan dodolan maning nang kota gedhé pisan angger pageblug wis lereb lan ékonominé wis ora mbabyag. Pangkalan nang kampung pan diwékena maring saduluré. (*)