Gégér Guru nang Pekalongan Ngantemi Muridé nang Tengah Lapangan Sekolahan

Konten Media Partner
22 Oktober 2021 19:50 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Gégér Guru nang Pekalongan Ngantemi Muridé nang Tengah Lapangan Sekolahan
zoom-in-whitePerbesar
ADVERTISEMENT
PEKALONGAN - Rékaman video bocah SMP dikantemi guruné nggégérna warga Pekalongan, Jawa Tengah. Vidio sing durasiné 21 detik kuwé dingerténi kedadén nang SMP Negri 1 Karanganyar Kabupatén Pekalongan, dina Senen (18/10/2021).
ADVERTISEMENT
Korban dingerténi siswa kelas 9, sing inisialé ATS (15), warga Désa Karanggondang, Kecamatan, Karanganyar, Kabupatén Pekalongan. Korban yakuwé anak seka pasangan Amad Saudi (50) lan Dumiyati (39). Lah, angger guru sing dinyana ngantem yakuwé guru basa Indonésia sing huruf ngarepé S.
Wayah ditemoni nang umahé, Dumiyati ngaku mauné ora ngarti angger anaké dadi korban penganiayaan daning oknum guru. Dhéwéké malah ngarti kedadénan kuwé sawisé weruh vidio sing nyebar nang grup WA.
"Awalé nyong belih ngarti, soalé bareng balik seka sekola, anaké nyong ora crita lan langsung turu," jaréné, dina Kemis (21/10/2021).
Tapi, Dumiyati nglanjutna, sawisé tangi, anaké langsung njaluk obat lara endas lan nyampékna krasa kliyengan. Nganti bengi anaké ya ora cerita.
ADVERTISEMENT
Let sa dina, Dumaiyati weruh vidio sing isiné ngenani penganiayaan oknum guru karo muridé. Sawisé suwé merhatikna, jebulané sing ana nang jero vidio kuwé yakuwé anaké.
"Bareng ngarti, nyong langsung takon. Kuwé kowén cah sing dikantem? Terus dhéwéké jawab iya bu kuwé nyong," bébéré.
Sementara kuwé, ATS nyritakna, kedadénan kuwé awalé wayah dhéwéké gluwéhan karo batir batiré nang sekola. Weruh-weruh, ana siswa sing mbalangna kaléng. Neng waktu kuwé uga, oknum guru sing bersangkutan lagi nglinter.
Dinyana ana salahpaham, ATS ya digawa maring lapangan sekola ngantikan akhiré dikantem nang pirang nggon bagian awaké. Malah oknum guru sempet ngejak gelut.
"Dikantem nang endas bagian mburi ping 3 boyok ping 3, dada ping 3, lan weteng ping 3," ungkapé.
ADVERTISEMENT
Nanggepi kedadénan kuwé, guru BK SMP N 1 Karanganyar, Ari Sugiharto, ngomong pihak sekola wis weruh vidio sing nyebar nang média sosial. Pihaké uga wis njaluk keterangan seka oknum guru sing bersangkutan.
"Pangapurané ya dhéwék durung bisa mékena keterangan detail soalé dina kiyé dhéwék uga diundang polres," omongé maring wong-wong média. (*)