Heboh! Dalan nang Jalur Brebes-Tegal Njeblos Amba Nemen

Konten Media Partner
14 Februari 2021 21:15 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Warga ndeleng bolongan gedhé nang dlanggung Provinsi Brebes-Tegal.
zoom-in-whitePerbesar
Warga ndeleng bolongan gedhé nang dlanggung Provinsi Brebes-Tegal.
ADVERTISEMENT
BREBES — Bolongan gedhé sing nduwéni diaméter sekitaréng rong méter mengab-mengab nang dlanggung Provinsi Brebes-Tegal. Lokasiné ana nang ruas Kaliwadas manjing Désa Batursari, Kecamatan Sirampog, Kabupatén Brebes.
ADVERTISEMENT
Peristiwa kuwé gawé heboh warga sakoloman lan wong sing pada nglinter. Warga ya rame-rame pada nekani lokasi kedadénan. "Sing njeblos yakuwé gorong-gorong brug Kali Pedes, dawa 8 méter amba 8 méter," ungkapé Koordinator Satgas PB BPBD Brebes, Budi Sujatmiko maring Panturapost, dina Saptu (13/2/2021).
Budi ngomong, gorong-gorong kuwé bodhol soalé belih kuwat nahan miliné banyu sing gedhé nemen. Mugané ngakibatna dalan nang dhuwuré melu gripis lan bolong. "Nang ngingsoréng dalan pancén gorong-gorong sing diliwati banyu. Titiké pancén brug sing diaspal," omongé.
Budi ngungkapna, merga peristiwa kiyé, dalan babar blas ora bisa diliwati. Soalé pan nrawasna kendaraan sing liwat. "Wis dhéwék néin rambu sementara ora olih diliwati kendaraan. Soalé gari ngengah ruas nang pinggiran tok," jaréné. (*)
ADVERTISEMENT