Heboh! Nang Tegal Ana Cah Enom Nekad Dipendem Urip-urip

Konten Media Partner
3 Januari 2021 20:28 WIB
comment
1
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Heboh! Nang Tegal Ana Cah Enom Nekad Dipendem Urip-urip
zoom-in-whitePerbesar
ADVERTISEMENT
TEGAL - Nyebar wis mana mana neng medsos, video cah enom nang Tegal nekad manjing maring luwang kuburan. Peristiwa kuwé sempet nggawé heboh warga sing pada weruh.
ADVERTISEMENT
Kaya neng njero vidio sing durasiné 1.28 detik sing ditampa PanturaPost, katon ana cah enom keadaané setengah awaké kependem lagi dilirih-lirih daning ABRI.
"Wayahé balik. Balik oh yuh," omongé anggota ABRI sing lagi lirih-lirih dhéwéké balik, tapi cah enomé ora gelem baé.
Diréwangi warga liyané, akhiré cah enom kuwé bisa diangkat seka kuburan. Wayah ditakoni warga, cah enom kuwé ngaku kepéngin balik maring alamé soalé jaré krasa wis mati.
"Aku pan balik maring alamé aku," omongé cah enom kuwé sing njagong lemes nang adepané warga.
Informasi sing ditampa PanturaPost.com, peristiwa kuwé kedadén nang kuburan sing ana nang dalan Samadikun, Kecamatan Tegal Selatan, Kota Tegal, dina Rebo (31/12/2020) atane.
Cah enom sing ana neng njero vidio kuwé dingerténi arané Wawan seka Désa Kepandéan, Kecamatan Dukuhturi, Kabupatén Tegal.
ADVERTISEMENT
Daning warga, dingerténi cah enom kuwé madan ora waras. Warga kononé, sing arané Tarsumi (50) nuturna, cah enom kuwé sempet njagong nang warungé sadurungé kedadénan.
"Mauné jejagongan nang warung. Latané tangi lan langsung mlakokna aksiné kuwé," omongé Tarsumi, maring wartawan.
Cah enom kuwé sempet diamankna polisi. Soalé madan ora waras, akhiré disotna.
Sementara kuwé, Kapolsék Tegal Selatan Kompol Alkaf Chaniago wayah dijaluki konfirmasi léwat HaPé-né durung mékena tanggapané nganti berita kiyé digawé. Kaya kuwé uga wayah dibell léwat WA, Kapolsék ora nanggepi. (*)