Jaré Petugas, Nang Kabupatén Tegal Nggal Dina Ana Wong Ninggal Gara-gara Corona

Konten Media Partner
19 Januari 2021 21:01 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Proses pemakaman jenazah pasien COVID-19 di Kab. Tegal.
zoom-in-whitePerbesar
Proses pemakaman jenazah pasien COVID-19 di Kab. Tegal.
ADVERTISEMENT
SLAWI - Nang Kabupatén Tegal nggal dinané ana wong ninggal gara-gara Virus Corona. Hal kuwé diungkapna daning Juru Bicara Satuan Tugas (Satgas) Penanganan COVID-19 Kabupatén Tegal, Joko Wantoro, dina Senén (18/1/2021).
ADVERTISEMENT
"Kayongé ajeg kiyé. Nggal dina mesti ana pasién sing dirawat ninggal. Nggal dina ana loro utawa telung wong sing ninggal," omongé Joko Wantoro lubar nekani simulasi vaksinasi COVID-19 nang Puskesmas Slawi.
Nggo dina kiyé, Joko nglanjutna, dhéwéké ya olih laporan anané rong pasién sing lagi nglakoni prawatan nang Rumah Sakit ninggal. Pasién kuwé dirawat nang RSI Harapan Anda Kota Tegal lan RSUD Kardinah Kota Tegal.
Jaréné, kasus wong ninggal kedadén nang pasién sing umuré nang ndhuwuréng séket taun lan nduwéni penyakit penyerta. "Angger sing nang ngingsor umur séket taun arang nemen ya. Wingi ana sih nang ngingsor umur séket taun. Kuwé ya soalé ana penyakit gawanan," jaréné.
Sementara kuwé, petugas sing ngubur seka Satgas COVID-19 Kabupatén Tegal, Lugiono, uga ngiyakna anané loro pasién sing ninggal. Pasién pertama yakuwé wong wadon sing huruf ngarepé SR (61) sing sadurungé dirawat nang RSI Harapan Anda Kota Tegal karo status suspé k. Pasien kuwé yakuwé warga Kelurahan Mejasem Barat, Kecamatan Kramat.
ADVERTISEMENT
Pasién keloro, wong wadon sing huruf ngarepé NA (47) warga Désa Pepedan, Kecamatan Dukuhturi. Pasién ninggal wayah dirawat nang RSUD Kardinah Kota Tegal lan statusé kena Corona.
"Nggo pasién SR wis dikubur daning petugas seka Rumah Sakit. Lan nggo NA dikubur daning tim-é dhéwék lan mbené rampung bengi kiyé," jelasé. (*)