Kabar Apik, Nang Kabupatén Tegal Saiki Wis Laka Kasus Corona

Konten Media Partner
20 Oktober 2021 19:40 WIB
·
waktu baca 3 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Ilustrasi Kasus Corona
zoom-in-whitePerbesar
Ilustrasi Kasus Corona
ADVERTISEMENT
SLAWI — Kabupatén Tegal nembe pisan kiyé sajegé pageblug, akhiré dinyatakna nol kasus Corona. Laka pasién Corona sing dirawat nang rumah sakit utawané isolasi mandiri nang umah.
ADVERTISEMENT
Bupati Tegal, Umi Azizah ngomong kasus nularé Corona nang Kabupatén Tegal terus temurun sajegé dina Saptu (09/10/2021). Nang endi wis laka maning pasién Corona sing dirawat nang rumah sakit lan mung ngengah 17 pasién Corona sing nglakoni isolasi mandiri nang umah.
"Soré kiyé nyong olih update informasi angger wong loro pasién Corona sing isoman wingi wis dinyatakna mari. Mugané praktis neng catetané dhéwék dina kiyé laka maning pasien Corona. Lan kiyé patut dhéwék syukuri dadi anugrah seka Gusti Pengéran, disamping donga lan ikhtiar kabéh élémén masarakat wayah nuruti protokol kesehatan lan méloni program vaksinasi," omongé Umi.
Senajan kaya kuwé, Umi ngélingna masarakat ébén tetep waspasa maring nularé virus Corona. Aja kosih ana euforia sing ndadékna kepatuhané maring protokol keséhatan selot logro.
ADVERTISEMENT
"Tetep o waspada, aja kosih keapikan sing dhéwék olihna dina kiyé sia-sia. Terus trapna 5M lan mélu program vaksinasi nasional nggo sing durung," pesené.
Jaréné, résiko kedadéné nularé Corona diperkirakna ésih ana. Sebab pergerakané masarakat maring luar daérah terus ningkat. Malah, kata Umi, weruh pengalaman daérah lan negara liya sing sempet nol kasus, kedadén maning gelombang kasus pada nular. Apamaning dibukané aktivitas pembelajaran tatap muka nang sekola lan tekané préinan akhir taun, résiko poténsi nularé bisa ningkat.
Pelaksana tugas Kepala Dinas Keséhatan Kabupatén Tegal, Hendadi Setiaji, ngomong akumulasi jumlah kasus Corona nang Kabupatén Tegal lawasé pageblug kiyé tekan 13.439 wong karo angka mari 12.623 wong lan ninggal dunya 816 wong.
ADVERTISEMENT
Nggo akumulasi kasus penularan Corona sing kedadén lawasé PPKM nang Kabupatén Tegal tekan 3.458 kasus karo total kasus kematian 321 jiwa.
Hendadi ngungkapna kekait vaksinasi, seka 1,22 juta penduduk sing dadi sasaran vaksinasi nang Kabupatén Tegal, pihaké wis nampa 684.462 dosis vaksin. Seka jumlah kuwé, 444.863 dosis wis disuntikkan nggo vaksin pertama lan 209.465 dosis nggo vaksin keloro.
“Dadi angger diileng seka laporan penggunaam vaksin dhéwék, ésih ngengah 38.764 dosis sing kuwé wis dibagikna maring Puskesmas," omongé Hendadi.
Hendadi ngarep-arep partisipasi vaksinasi nang klompok lansia ésih perlu ditingkatna soalé lansia yakuwé usia rentan lan nduwéni résiko paling dhuwur angger kena Corona.
Sebab, seka 321 kasus kematian lawasé masa PPKM baé, 39,9 perséné yakuwé lansia nang ndhuwur 60 taun. Disusul 34,4 persén pra lansia umur 50-60 taun lan 24,3 persén wong kaplak umur 20-49 taun. Jaréné, hasil vaksinasi nggo suntik dosis pertama maring lansia mbéké 25 persén lan suntik dosis ke loro mbéké 16 persén.
ADVERTISEMENT
"Ésih perlu upaya lan kerja samané dhéwék kabéh nggo nyurung warga lansia kiyé nggo disuntik vaksin," pungkasé. (*)