news-card-video
Jakarta
imsak
subuh
terbit
dzuhur
ashar
maghrib
isya

Kabar Apik, Wong Tegal sing Maune Positif Corona Saiki Wis Waras Maning

Konten Media Partner
9 April 2020 19:17 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Ilustrasi ruang isolasi. (Foto: Dok. PanturaPost)
zoom-in-whitePerbesar
Ilustrasi ruang isolasi. (Foto: Dok. PanturaPost)
ADVERTISEMENT
TEGAL – Wong Kota Tegal sing maune positif virus corona nang alhamdulillah saiki wis mari. Pasien kuwe sadurunge dirawat nang Rumah Sakit Umum Daerah (RSUD) Kardinah Kota Tegal.
ADVERTISEMENT
Informasi kuwe diungkapna dr. Sri Primawati Indraswari nang grup WhatsApp 'Pers Anti Covid-19', Rebo (8/4/2020). Prima nudukna data pasien kuwe, yakuwe wong lanang sing umure 34 taun.
"Positif mari siji wong Lanang 34 taun (seka) Kota Tegal," tulise Prima.
Dadi informasine, pasien kuwe dirawat awit tanggal 16 Maret 2020. Kaene yakuwe warga Slerok, Kecamatan Tegal Wetan, sing nembe balik sing Uni Emirat Arab (UEA). Pas kuwe, deweke balik sing Jakarta maring Tegal numpak sepur.
Satekane nang Stasiun Tegal, wong kuwe langsung lunga maring RSUD Kardinah karo diater sadulure nganggo motor loro. Nganti akhire kaene terkonfirmasi positif corona latane dirawat.
Pirang dina winginane, wong lanang kuwe uga dikabarna kondisine wis mipil apik. Jere Prima pas kuwe, pasien wis bisa diomongna mari sing virus corona sawise wis dipriksa swab ping pindo lan hasile kudu negatif virus corona.
ADVERTISEMENT
"Hasil lab sing pertama durung metu. Kan kudu ping pindo negatif runtung-runtung nembe dinyatakna mari," jare Prima, Senen (30/3/2020) .
Saliyane wong lanang kuwe, ana wong siji pasien positif virus corona sing esih dirawat. Yakuwe wong wadon umur 49 taun seka Debong Wetan, Kecamatan Dukuhturi, Kabupaten Tegal. Latane ana siji pasien positif sing ninggal lanang umure 77 taun seka Mintaragen, Tegal Wetan, Kota Tegal. Dadi saiki jumlah total pasien positif nang Kota Tegal ana telung wong.
Data kuwe uga cocog karo informasi sing ana nang situs resmi Gugus Tugas Covid-19 Kota Tegal, corona.tegalkota.go.id. Nang kana disebutna uga jumlah total pasien dalam pengawasan (PDP) wayah kiye jumlahe 44 wong. Sing 44 pasien kuwe 35 wong wis balik, lima dirawat, lan lima ninggal dunya. (Panji Bachtiar)
ADVERTISEMENT
-------------------------------
kumparanDerma membuka campaign crowdfunding untuk bantu pencegahan penyebaran corona virus. Yuk, bantu donasi sekarang!